Waosan : 1 Tesalonika 4 : 13 – 18 | Pamuji : KPK 160
Nats: “… kowe aja padha ketambuhan bab para wong kang ngajal, supaya kowe aja padha prihatin kaya wong-wong liya kang ora duwe pangarep-arep,…” [ayat 13]
“Momento mori” tembung basa latin ingkang tegesipun “Elinga, bab ngajalmu” utawi “elinga, kowe bakal mati”. Momento mori mucal kita supados kita saged asung ingkang sae ing salebeting gesang padintenan, ateges “lakonana kabeh kaya dene menawa sesuk kowe mati”, temahan sedaya ingkang kita lampahi punika nggadhahi piguna kangge dhiri pribadi ugi sesami.
Pasamuwan wiwitan nggadhahi keyakinan bilih “sedhela maneh Sang Kristus bakal Rawuh.” Malah-malah wonten ingkang nggadhahi keyakinan saderengipun tiyang-tiyang punika ngajal, Sang Kristus sampun rawuh. Pangajeng-ajeng punika: 1) ndadosaken pasamuwan nggadhahi manah ingkang kiyat ngadhepi kasangsaran ugi kasisahan; 2) nuwuhaken semangat anggenipun dados seksinipun Gusti ing salebeting peladosan; 3) iman kapitadosan tansah seger malih, temahan gesangipun tansah migunani dhateng Gusti wah sesami.
Namung kemawon, pasamuwan Tesalonika ugi nggadhahi pitakenan bab nasib sedherek-sedherekipun ingkang sampun ngrumiyini ngajal. Tiyang-tiyang kalawau belasungkawa kedlarung-dlarung krana menggalih boten badhe kepanggih kaliyan Sang Kristus. Paulus mangsuli pitakenanipun tiyang-tiyang kalawau bilih ingkang ngajal punapa ingkang taksih gesang nalika Gusti Yesus rawuh, kalih-kalihipun badhe pinanggih Sang Kristus lan lerem kaliyan Sang Kristus ing salami-laminipun. (ayat 14-17).
Kita sedaya umumipun nate susah krana kecalan tiyang ingkang kita tresnani. Menawi kecalan kita gampang sisah, nanging kasisahan boten pareng nguwasani kita. Punika ingkang dipun wulang dening Paulus dhateng pasamuwan ing Tesalonika supados para umat mangertosi bab tiyang ingkang ngajal, supados kasisahan boten nguwasani gesangipun kados dene tiyang ingkang boten gadhah iman lan pangajeng-ngajeng. Kapitadosan Kristen punika kapitadosan ingkang nuwuhaken pangajeng-ajeng awit Kristus punika ingkang mardikakaken tuwin milujengaken umatipun. Amin [pong]
“Elinga,… sesuk kowe mati, mula urip kudu migunani.”