Rukun Karo Sopo? Renungan Harian 9 Oktober 2018

9 October 2018

Waosan : 1 Korintus 7 : 10 – 16  |  Pujian: KPJ  368
Nats: “Nanging anggone Gusti Allah nimbali kowe iku, supaya kowe padha olaha atut-rukun. [ayat 15b]

“Dadi, awake dhewe iki kudu tetep mbangun karukunan ing urip bebrayan kita! Ana pitakonan?” Pak Guru mungkasi anggone nerangke. Siwi banjur ngacung lan nyuwun pirsa; “Brayat ingkang pundi ingkang kedah dipun rukuni, punapa keluarga kandung, tunggal simbah,  keluarga sapasamuan, tunggil kapitadosan, warga sa-Indonesia, punapa brayat sajagad?” Pak Guru mesem, rumangsa marem marang pitakonane Siwi. Pak Guru paring jawaban: “Yo kabeh!”

Rikala semanten, pasamuwan ing Korinta, nembe ngadhepi perkawis bab keharmonisan keluarga. Awit mboten saged dipun selaki bilih lelampahan gesang bebrayatan mesti wonten perkawis, sae ageng menapa alit. Langkung malih bilih gesang bebrayatan ingkang mboten tunggal kapitadosan. Nanging Rasul Paulus ngandika; “Ojo nganti megat bojo!” (ayat 10-11) Awit lelampahan tiyang pitados kedah saged dados talang berkah tumrap brayat lan sinten kemawon ing sakiwa-tengenipun. Rasul Paulus ugi ngelingaken bilih mbangun gesang bebrayatan minangka sarana ngestokaken timbalinipun Gusti Allah;“… supaya kowe padha olaha atut-rukun (ayat 15). Mila bilih wonten perkawis, tiyang pitados kedah tansah nengenaken karukunan. Sinaosa kapeksa pegatan, gesang salajenginpun ugi tansah nengenaken pirukunan.

Kanthi mekaten, pirukun mboten namung winates ing brayat sagriya, tunggal kandung napa namung tunggal desa kemawon, nanging saben patunggilan (komunitas) ingkang saged kabentuk.Brayat tunggal kandung dados cakupan paling alit ingkang kedah kita tulari bab karukunan. Kawiwitan saking gesang bebrayatan, gesang kebak karukunan lajeng sumrambah ing gesang masyarakat lan patunggilan atas asmane Gusti Yesus Kristus. Mila ing sasi Ekumene menika, kita saged tansah nengenaken gesang atut-rukun, sinarengan saben umat timbalanipun Gusti Allah. Murih kita ugi saged ndherek mbangun pakaryan Kraton Allah ingkang kebak katentreman mawujud ing jagad.

“Eling, rukun kuwi agawe santosa. Dadi ning ngendi wae, kowe kabeh kudu nengenake karukunan!” Pak Guru mungkasi wangsulanipun. Amin. [jarwi]

“Urip bareng kui kudu iso njunjung karukunan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak