Waosan: Ayub 26 : 1 – 14 | Pamuji: KPJ. 124
Nats: “Sapa kang bisa mangreti marang gumlegere tumindaking pangwasane?” (Ayat 14c)
Gesang ing donya, kita asring kagodha dening kaanan ing sakiwa tengen kita. Tumindak kita asring madha rupa kaliyan punapa ingkang dipun tindakaken dening tiyang sanes. “Weleh, wong kancaku iku ya biasa tumindak ngono kok, rapopo wis, aku dak melu pisan-pisan. Biasae yen wong ngalami kaanan kaya ngene iku mesthi amarga dheweke nglakoni kang kaya ngono iku.” Pakulinaning gesang ingkang kados mekaten punika kados ingkang dipun lampahi dening kanca-kancanipun Ayub. Ningali momotan lan kasangsaranipun Ayub ingkang saestu awrat, kathah ingkang mastani bilih sadaya kalawau karana dosa lan kalepatanipun Ayub piyambak. Nanging, Ayub yakin estu bilih piyambakipun sampun mbangun gesang ingkang sayekti, ngener karsanipun Gusti. Senaosa mekaten, Bildad ing waosan sakderengipun nedahaken bilih boten wonten tiyang ingkang gesang yekti ing ngarsanipun Gusti, kabeh wong luput, punapa malih Ayub ingkang saweg kebak panandhang.
Ing waosan punika Ayub ngengetaken Bildad lan kita sadaya, yen manungsa kaganjar momotan lan panandhang, iku ora mesthi karana lupute. Kosokwangsulipun, yen manungsa kaganjar berkah kang mbungahake, iku ora mesthi karana dheweke laku bener. Gusti Allah mahakuwaos nindakaken punapa ingkang dipun kersakaken lan kawastanan sae miturut Panjenenganipun. Boten wonten satunggal manungsa ingkang saged njangkung kersanipun Gusti. Pemanggihipun tiyang kathah, tiyang ingkang dosa lan lepat badhe kaganjar sedhih. Kosokwangsulipun tiyang ingkang mursid lan jujur badhe kaganjar bingah. Sanyatanipun boten kalampahan kados mekaten. Kenging punapa? Nggih karana Gusti saged makarya ingkang tan saged kajangkung akal lan pikiranipun manungsa.
Pramila, ingkang kedah kita lampahi, tansaha dados kagunganipun Gusti ingkang mbangun turut, setya tuhu lan mursid. Sadaya kaanan ingkang kaalami, bingah punapa sisah, berkah punapa kaprihatosan, sumangga kaadhepi sinarengan Gusti ingkang mahakuwaos. Sinaosa donya kebak panggodha, ditansah jejeg mbangun gesang ingkang sayektos, tanpa kaganggu bab ganjaran punapa ingkang badhe kita tampeni. Sumangga kita yakin estu, bilih ing sadhengah prekawis Gusti tansah ngrengkuh lan boten nilar kagunganipun ingkang setya tuhu lan mursid. Amin. [KRW].
“Kadosa pundi, ditansah setya tuhu tumindak yekti, awit gesang punika jinangkung ing Gusti ”