Waosan : Yosua 24 : 25 – 33 | Pujian : KPJ. 124 : 1, 4
Nats: ”… kula badhe ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah Kita, saha ngestokaken dhawuhipun.” (Ay. 24)
Aku tak sing ngalah, trima mundur timbang lara ati
Tak oyako wong kowe wis lali, ora bakal bali Paribasan awak urip kari balung lila tak lakoni,
Jebule janjimu, jebule sumpahmu, ra bisa digugu
Isinipun perangan syair lagu suket teki (Didi Kempot), ngemu raos wontenipun tiyang ingkang rumaos gela lan kuciwa karana anggenipun nampi janji setya, nanging dipun blenjani. Mila sikapipun timbang lara ati aku tak sing ngalah. Mbok bilih panjenengan nate ngalami kuciwa, krana wonten tiyang ingkang blenjani janji. Pancen ing padintenan wonten ingkang boten setya dhateng janjinipun, ning bab punika sampun ngantos dipun tiru. Minangka tiyang Kristen sampun samesthinipun kita nate nglairaken janji, kadosta nalikanipun sidhi, babtis, daup suci, kapiji dados pradataning pasamuwan lsp. Adatipun menawi wonten pitakenan saking pelados, kita atur wangsulan: nggih kula janji, nggih kula sagah. Menawi kita ugemi janji punika pancen ndadosaken manah kita bombong, nanging menawi kita blenjani ndadosaken gelaning liyan, mugi-mugi boten mekaten.
Nalika senopati Yusak dados pangarsaning Bangsa Israel, kawontenanipun bangsa Israel ngalami lelalampahan panjang, ing pundi kathah panggodha mawarni-warni kalebet panggodha saking kapitadosan-kapitadosan sanes (ilah-ilah). Bangsa Israel kasil dumugi ing tanah prasetyan kanthi sae, karana sedayanipun dipun lampahi kanthi pitados dhateng Pangeran Yehuwah. Mila salajengipun senopati Yusak maringi pangatag-atag lan dhawuh: “ Kang iku ing samengko kowe padha mbuwangana allah liya-liyane kang ana ing tengahmu lan atimu padha adhepna marang Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel.” Dhawuhipun Yusak, dipun wangsuli klayan sora dening Israel : “ Kula badhe sami ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita saha ngestokaken dhawuhipun.” Wangsulanipun bangsa Israel saestu mbingahaken lan wujud janji setyanipun Bangsa Israel dipun ugemi kanthi kekah, boten damel kuciwanipun Gusti Allah lan pasamuwan.
Kita punika putra-putranipun Gusti, ingkang sampun nglairaken janji setya kita dhumateng Gusti. Sumangga kita nyuwun kekiyatan saged netepi janji kita, sampun ngantos kados isinipun syair Suket Teki. (YK)
“Janji punika utang lan kedah kita wangsulaken kanthi dipun ugemi.”