Waosan : 2 Babad 29 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 67
Nats: “He, anak-anakingsun, sira saiki aja padha tlendho, awitdene sira wus padha kapilih dening Pangeran Yehuwah kadhawuhan ana ing ngarsane ngladosi Panjenengane, nindakake pangibadah lan ngobong kurban kagem Panjenengane.” (Ayat 11).
Nalika umur enemlikur tahun kula dipun tahbisaken minangka pendeta GKJW. Sakdherengipun tumuju wonten ing pasamuwan, kathah pawartos ingkang kula tampi saking kanca pendeta, bilih ing pasamuwan punika ewed toya, warga, pinitua lan diakenipun kathah ingkang wangkot (kaku), pasamuwanipun cethil lsp. Nampi pawartos punika secara kamanungsan ndadosaken manah kula kuwatos lan ajrih. Ananging wonten kalih perkawis ingkang nyantosakaken manah kula inggih punika: 1) kula pitados bilih Gusti Allah ingkang nimbali kula madeg pendeta lan mapanaken ing pasamuwan punika. 2) Nalika dipun tahbisaken kula dipun sengkuyung ing salebeting pandonga lan dipun suwunaken berkahipun Allah. Pungkasanipun kula saged nindhakaken peladosan ing pasamuwan punika ngantos 7 tahun, 2 wulan. Kula pitados sadaya wau inggih karana sih katresnanipun Gusti Allah piyambak ingkang nyarirani gesang lan peladosan kula.
Prabu Hizkia nalika jumeneng nata taksih yuswa selangkung tahun. Prabu Hizkia nglampahi tumindhak ingkang bener wonten paningaling Sang Yehuwah. Senajan taksih anem, prabu Hizkia nggadahi tekad mangsulaken kawontenaning gesang bangsa Yehuda ingkang kebaking dosa, nistha lan nampi bebenduning Sang Yehuwah tumuju gesang ingkang bener wonten ngarsanipun. Bab punika katitik saking tumindhakipun Prabu Hizkia ingkang paring dhawuh supados bangsa Yehuda mbikak lan ndandosi padalemanipun Pangeran Yehuwah, nimbali para imam lan Lewi supados nyucekaken gesangipun, sampun ngantos tlendho karana estunipun bangsa Yehuda punika kapiji kangge lelados lan nindhakaken pangibadhah kagem Gusti. Ringkesing carios, Prabu Hizkia punika senajan taksih anem saged nindhakaken ewah-ewahan (perubahan) ingkang langkung sae ing salebeting gesangipun umat Yehuda, sae ing bab pangibadah (spiritual) lan ugi tumindhak (mental).
Kita dados tiyang Kristen ugi ngakeni lan pitados bilih Gusti Allah piyambak ingkang sampun miji kita dados umatipun. Minangka umat pilihan Gusti Allah, punapa kita sampun nglampahi gesang ingkang bener kadosdene Prabu Hizkia? Punapa kita ugi sampun nyawisaken gesang saha cumadhang lelados lan nindhakaken pangibadah kagem kaluhuran asmanipun? Sumangga kita tansah mbudidaya nglampahi gesang ingkang bener, ndherek lelados lan nindhakaken pangibadah kagem kaluhuran asmanipun Gusti Allah. (Gimbul)
“Dudu kowe kang milih Aku, nanging Aku kang milih kowe” (Yok. 15:16)