Waosan: 1 Korinta 2 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 292
Nats: “… anggonku martakake ora nganggo tembung-tembung kang wasis kang ngyakinake, nanging kalawan yakin ing bab kakiyatane Sang Roh.” (Ayat 4)
Menawi wonten tiyang wicanten ing ngajengipun tiyang kathah kados pidato, sambutan utawi mucal, asring tiyang ingkang mirengaken punika ningali sinten ingkang wicanten. Menawi ingkang wicanten punika tiyang ingkang kagungan drajad pangkat, sugih utawi terkenal, punika badhe dipun mirengaken kanthi saestu, kosokwangsulipun menawi ingkang wicanten punika tiyang biasa-biasa kemawon, asringipun badhe dipun sepelekaken, mboten sepinten dipun gatosaken sinaosa punapa ingkang dipun ngendikakaken punika bab ingkang wigati.
Kutha Korinta punika kutha ingkang ageng lan reja. Kathah ingkang dados warganing pasamuwan punika tiyang ingkang kagungan drajad, pendidikanipun inggil, pinter, lan sugih. Ngadepi pasamuwan ingkang kados mekaten, Paulus mboten purun martosaken Injil kanthi gumunggung. Piyambakipun mboten ngandelaken pangertosanipun piyambak kanthi tembung-tembung ingkang wicaksana, sinaosa piyambakipun saged awit piyambakipun ugi tiyang Yahudi ingkang terpelajar. Nanging kanthi andhap asoring manah, anggenipun Paulus martosaken Injil punika mboten ngangge tembung-tembung ingkang wicaksana nanging kanthi kakiyatanipun Roh Suci (Ay. 4), supados menawi tiyang purun pitados dhumateng Gusti Yesus, punika mboten awit saking kaunggulanipun Paulus piyambak nanging awit saking pakaryanipun Sang Roh Suci. Paulus ugi paring piwucal bilih kawicaksananipun manungsa punika winates lan mboten langgeng, namung kawicaksanan saking Gusti Allah kemawon ingkang langgeng salaminipun.
Ing wulan Kespel punika, kita kaengetaken bilih kita kagungan timbalan mujudaken katentreman lan karaharjan lumantar peladosan lan paseksi. Nanging taksih kathah tiyang ing satengah kita ingkang dereng saged nindhakaken timbalan punika, salah satunggiling alasanipun awit piyambakipun rumaos asor, “Kula niki sinten ta? Kula niki saged punapa? Punapa nggih pantes kula niki wicanten dhateng ngajengipun tiyang-tiyang pinter, wong kula niki tiyang bodho.” Sampun ngantos kita rumaos asor, punapa malih rumaos gumunggung awit kita manungsa sarwa winates. Mila anggenipun kita nindhakaken timbalan peladosan lan paseksi, mangga kita tansah nyuwun supados Sang Roh Suci piyambak ingkang makarya, mekaten ugi Gusti Allah paring kawicaksanan dhateng kita. Sumangga kanthi kendel kita makarya paring peladosan lan paseksi dhateng sesami. Amin. [M@ul].
“Mboten wonten ingkang mokal menawi Sang Roh Suci sampun makarya.”