Waosan: 1 Samuel 3 : 10 – 4 : 1a | Pamuji: KPJ. 435
Nats: “Sang Yehuwah banjur ngrawuhi jumeneng ana ing kono lan nimbali kaya kang uwis-uwis, “Samuel, Samuel!” Lan Samuel matur, “Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka mirengaken.” (Ayat 10)
Nalika taun ajaran enggal, para siswa kanthi semangat mlebet kelas kangge sinau. Biasanipun bapak ibu guru badhe ngecek nami-nami siswanipun. Siswa ingkang dipun sebat naminipun, piyambakipun ngangkat tanganipun, mekaten sacara urut abjad guru punika nyebataken nami siswanipun. Guru ugi mangertos siswa ingkang sakit utawi izin ing dinten punika awit saking ngecek nami punika. Nalika pelajaran dipun wiwiti, bapak ibu guru jelasaken isi pelajaran punika mawi cara ingkang prasaja, ingkang gampil dipun tampi dening para siswa. Siswa ingkang nyimak, mirengaken lan gatosaken piwucalipun gurunipun punika, tamtu saged mangertos isi pelajaran punika.
Waosan kita nyariosaken Samuel ingkang dipun timbali Gusti. Nalika semanten Samuel ingkang taksih enem mapan ing Padaleman Suci. Nalika Gusti Allah nimbali Samuel kaping pisan lan kalih, ing pemanggihipun Samuel punika swanten saking Imam Eli (Ay. 5, 6). Awit Samuel dereng tepang Sang Yehuwah (Ay. 7). Ngantos kaping tiga, Gusti nimbali Samuel, lajeng Imam Eli mangertos bilih punika Gusti Allah. Imam Eli lajeng ngendika marang Samuel, “Mapana turu maneh lan manawa kowe ditimbali, matura mangkene: Dhuh Sang Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka punika mirengaken.” (Ay. 9). Pungkasanipun Gusti Allah nimbali Samuel malih, lan Samuel mangsuli timbalanipun Gusti punika. Tugas kaping pisan ingkang dipun tindakaken sak sampunipun mirengaken Pangandikanipun Gusti, inggih punika martosaken kalepatan lan paukuman tumrap brayatipun Imam Eli. (Ay. 18).
Kados para siswa lan Samuel ingkang dipun timbali lajeng mangsuli timbalan punika, mekaten ugi kita. Gusti nimbali kita kangge martosaken Injil lan dados seksin-Ipun. Tamtu nalika Gusti nimbali kita, kita sumadya mirengaken punapa ingkang dipun karsakaken. Kita fokus dhateng sabdanipun Gusti ingkang kita mirengaken punika. Selajengipun kita sumadya kangge nindakaken sabdanipun Gusti punika. Pancen mboten gampang nindakaken sabdan-Ipun Gusti punika, nanging sampun ngantos kita ajrih lan mangu-mangu. Kita kedah wantun martosaken Injil lan dados seksinipun Gusti. Ing pundi Gusti ngutus kita, kita tansah tanggep lan sumadya nindakaken sabdanipun Gusti. Mangga kita tansah setya mirengaken lan nindakaken sabdanipun Gusti salebeting gesang kita. Amin. [AR].
“Gusti nimbali kita, kita sumadya mirengaken lan nindakaken sabdan-Ipun.”