Apa Aku Wis Jujur Lan Setya? Pancaran Air Hidup 9 Februari 2024

9 February 2024

Waosan: 1 Para Raja 14 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 202
Nats: “Nanging bareng Nabi Ahia mireng swarane lampahe putri mau nalika lumebu ing lawang, enggal banjur diacarani: Sumangga kula aturi lumebet, dhuh garwanipun Sang Prabu Yerobeam. Punapa sababipun dene panjenengan dalem kok ndadak nyamur lampah?” (Ayat 6a)

Gusti Allah ngutus nabi Ahia nelakaken dhawuh-Ipun dhateng garwanipun prabu Yerobeam. Senadyan garwanipun prabu Yerobeam nylamur nalika pinanggih nabi Ahia ingkang paningalipun mboten prayogi, nanging tetep kemawon konangan. Gusti Allah mirsani sinten piyambakipun. Semahipun Yerobeam estunipun dipun utus Yerobeam kangge nyuwun pirsa nasib putranipun, inggih punika Abia ingkang nandhang sakit. Gusti Allah paring pitedah dhateng nabi Ahia lan pangertosan bab sinten ingkang nylamur punika lan ugi paningalan bab yoganipun Yerobeam. Mboten namung nasibipun Abia ingkang mangke pejah, nanging ugi bab paukuman ingkang badhe katampi dening Yerobeam krana dosanipun nyingkur Gusti. Senaosa ketingalipun Yerobeam punika cerdik klayan ngutus semahipun nylimur dados tiyang sanes supados nabi Ahia mboten ngonangi, nanging Gusti Allah mboten saged dipun apusi. Temahan Nabi Ahia paring dhawuhipun Gusti ingkang awon dhateng semahipun Yerobeam. Mboten namung kangge putranipun Yerobeam ingkang pejah krana sakit, nanging ugi lelampahan tumraping Yerobeam ingkang badhe nampi paukuman saking Gusti. Wonten pungkasanipun carios, kita mirsani bilih prabu Yerobeam nampi paukuman krana nilar Gusti kanthi yasa patung sesembahan lan dipun tilar Gusti ing gesangipun (Ay. 14-16)

Jujur lan setya punika penting wonten ing kaimanan kita dhateng Gusti ingkang kagungan gesang. Gusti Allah mirsani sedaya gesang kita, senaosa mboten ketingal dening manungsa. Minangka umatipun Gusti ingkang sampun katebus, tanggel jawab kita punika gesang kanthi jujur ing sedaya lampahing gesang punika. Kathah kita panggihaken tiyang ingkang mboten jujur nanging nasibipun sae. Nanging mboten wonten ingkang katutup ing paningalipun Gusti. Tiyang ingkang mekaten punika bakal ngalami pengadilan dening Gusti piyambak. Kados dene prabu Yerobeam ingkang rumiyin dipun mulyakaken dados raja Israel, nanging pungkasanipun dipun ukum Gusti lan kratonipun ginantos dening tiyang sanes krana mboten jujur lan setya dhateng Gusti Allah. Kamulyan ingkang dipun tampi, ical sesarengan klayan tindak culika, mboten jujur lan mboten setya dhateng ingkang kagungan gesang. Sumangga kita sinau tumindak jujur lan setya dhumateng Gusti Allah, temahan kamulyanipun Gusti kababar ing gesang kita. Amin. [LUV].

“Nalika kita jujur lan setya marang kabeneran, ati kita bakal padhang jingglang awit saka katentreman lan kabungahan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak