Waosan : Mateus 14 : 22 – 33 | Pamuji : KPJ. 178A
Nats: “Gusti Yesus enggal-enggal mulung astane, nyepeng Petrus sarta ngandika: He wong kang cupet pangandel, yagene kok mangu-mangu?” (Ay. 31)
Wonten salah satunggaling brayat ingkang anggotanipun bapak, ibu lan putra putri cacahipun tiga. Amargi sampun sepuh, bapak asring nandang sakit. Lah ing salah satunggaling dinten, sang bapak punika katimbalan dening Gusti. Ibu ingkang dereng saged nampi kasunyatan lajeng ugi sakit. Boten ngantos setunggal sasi anggenipun sakit, ibu ugi katimbalan dening Gusti. Nampi kasunyatan ingkang kados mekaten tamtunipun boten gampil kangge para putra putrinipun. Ing manahipun para putra punika wonten pitakenan,“Punapa maksud lan tujuanipun Gusti paring pacoben ingkang kados mekaten?”
Kadosdene ingkang kaserat wonten ing waosan kita, para sakabat nampi pacoben inggih punika prau ingkang dipun tumpangi goyang karana prahara. Lajeng Gusti Yesus nyusul para sakabat, tindak e napak sagara. Para sakabat ingkang nyumurupi Panjenengane punika kaget lan ajrih.
Saben manungsa ingkang gesang wonten ing jagad punika tamtu boten luput saking permasalahan utawi pergumulan hidup. Sae pergumulan ingkang sepele ugi pergumulan hidup ingkang ageng. Wontenipun pacoben ing gesang punika nuwuhakan maneka warna respon utawi tanggapan. Lan kangge saben tiyang tamtu boten sami satunggal lan satunggalipun. Wonten ingkang pasrah, wonten ingkang ajrih, wonten ingkang santai, lan sanes-sanesipun. Ananging minangka tiyang pitados, sampun ngantos kita terjebak wonten ing pacoben punika awit kita kagungan Gusti Allah ingkang sanggup nindakaken pakaryan ingkang endah kangge kita sedaya. Wonten pepujen ingkang dipun kidungaken dening Bapak Yusak Sudjarwo ing Youtube ingkang mekaten:
Nggandol Gusti, nggandol Gusti, nggandol Gusti
Saben dina rina wengi nggandol Gusti
Nggandol Gusti, nggandol Gusti, nggandol Gusti
Saben dina rina wengi nggandol Gusti
Kula amung pracaya, ora bakal cilaka
Nanging uripku mulya selaminya
Atiku rasa tentrem, atiku saya seneng
Saben dina kula nggih nggandol Gusti
Mila sumangga anggen kita nglampahi gesang, namung nggandol dhumateng Gusti. (Bie)
“Aku ora wedi awit aku nggandol Gusti”