Waosan : Matius 10 : 34 – 42 I Pamuji : KPJ. 194 : 1, 2
Nats: “Sing sapa nresnani bapa utawa biyunge ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anake lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku” (ayat 37)
Kita tamtu sami mangertos bilih minggah gunung menika sanes kegiatan ingkang gampil. Para pendaki kedah gadhah kekuwatan badan ingkang sae, awit badhe lumampah wonten ing margi ingkang awrat. Kejawi saking menika, para pendaki gunung ugi kedah ngasta piranti ingkang dipunbetahaken kangge pendakian menika, kadosa: kemah (tenda), tetedhan, minuman, lsp., ingkang sedayanipun tamtu abot lan kedah dipunasta piyambak. Ananging, sedaya kawratan menika sirna nalika para pendaki sampun dumugi ing sanginggiling gunung. Awit ing mrika, para pendaki saged ningali sedaya kaendahan ingkang sampun gumelar.
Sacara naratif, Matius 10: 34 – 42 kalebet salah satunggaling piwucalipun Gusti Yesus bab perkawis-perkawis ingkang katampi dening para murid nalika ndherek Gusti :
- Ndherek Gusti kedah dipundasari kanthi raos pasrah – bab ninggal donya brana (ayat 9 – 10);
- Ndherek Gusti kedah siap katampik dening tiyang sanes – bab kasetyan dhumateng Gusti Yesus (ayat 22) lan
- Ndherek Gusti Yesus kedah wantun crah kaliyan bapa-biyung lan putra-semahipun – bab katresnan dhumateng Gusti Yesus (ayat 35-36).
Menawi dipun raosaken, piwucalipun Gusti Yesus menika ketingal awrat sanget bilih dipun lampahi. Mligi, nalika kita kedah wantun crah kaliyan brayat kita kangge nedahaken katresnan kita dhumateng Gusti. Sejatosipun, Gusti Yesus temtu boten kersa bilih kita crah kaliyan brayat kita. Awit piwucal menika namung kangge ngatag manah kita, supados kita saged ndadosaken Gusti Yesus minangka perangan kang utami ing salebeting pigesangan kita (ayat 37).
Dhawuhipun Gusti (Kitab Suci) menika sanes perkawis ingkang gampil dipuntindakaken. Ananing kados dene para pendaki ingkang saweg minggah gunung, sinaosa ngraosaken awrat, wusananipun bakal ningali kaendahan. Pramila, swawi kita tansah setya lan ngestokaken sedaya dhawuh Pangandikaipun, supados gesang kita tansah binerkahan dening Gusti. (yulius)
“Kitab Suci tuking berkah lan kawilujengan”