Nresnani Gusti Allah Lan Sesami Pancaran Air Hidup 7 Oktober 2025

7 October 2025

Waosan: 1 Yokanan 5 : 1 – 5, 13 – 21  |  Pamuji: KPJ. 370
Nats: “Anggon kita padha nresnani para putraning Allah, iku titikane yaiku manawa kita padha tresna marang Gusti Allah lan netepi ing pepakone.” (Ayat 2)

Tumrap para pandherekipun Gusti Yesus, nresnani Gusti Allah lan sesami punika dados timbalan saha jejibahan utami ingkang kedah dipun tindakaken salebeting gesang saben dinten. Sae punika ing salebeting brayat, pasamuwan, ugi ing masyarakat. Ananging kasunyatanipun, kangge nindhakaken timbalan lan jejibahan kalawau sanes prekawis ingkang gampil karana kathah maneka warni panggoda lan pacoben ingkang ngreridu gesang kita. Lajeng punapa ateges timbalan lan jejibahan kangge mujudaken katresnan lan kaadilan punika mboten saged katindakaken?.

Ing waosan kita, juru serat 1 Yokanan paring piwucal dhateng para tiyang pitados ingkang nalika semanten ngadepi pacoben ingkang awrat. Wujudipun pacoben inggih punika sawetawis tiyang mboten pitados bilih Gusti Yesus saestu Sang Masih, putranipun Allah, ingkang tumedhak sarana toya lan ludira (Ay. 6). Gusti Yesus punika namung manungsa limrah. Pramila, prekawis punika njalari para tiyang pitados sami bingung, ajrih, lan mangu-mangu bab punapa ingkang kedah katindakaken, sinten ingkang saged dipun pitados lan kados pundi caranipun supados mangertosi pundi piwucal ingkang leres lan mboten. Ngadhepi pacoben punika, juru serat 1 Yokanan negesaken saben tiyang ingkang pitados bilih Gusti Yesus punika Sang Kristus, punika lair saking panguwaosipun Gusti Allah (Ay. 1). Mila ingkang kedah dipun lampahi inggih punika: nresnani Gusti Allah lan netepi pepaken-Ipun. Prekawis ingkang ndadosaken para tiyang pitados saged mantep salebeting pracaya. Salajengipun, para tiyang pitados ugi kagungan tanggel jawab ndongaken sadherekipun ingkang tumindhak dosa (Ay. 16-19). Tujuanipun supados para tiyang pitados sami wanuh lan dumunung wonten ing patunggilanipun Gusti Yesus Kristus minangka Allah ingkang Sejati lan nampi gesang langgeng (Ay. 20).

Kita sadaya sadar bilih kawontenanipun gesang ing jagad punika kebak maneka warni pacoben. Kawontenan pacoben punika, ing kala mangsanipun saged ndadosaken kita nglirwakaken timbalan lan jejibahan kita kangge nresnani Gusti Allah saha sesami. Pramila, sumangga kita tansah ngiyataken manah lan kapitadosan kita, temahan kita saged nresnani sesami, nresnani Gusti Allah lan netepi pepaken-Ipun. Kanthi mekaten kita saged unggul ngalahaken maneka warni pacoben ing gesang kita saha mbangun paseduluran ingkang sejati. Amin. [G-mbul].

“Nresnani kuwi ora mung ana ing lathi, nanging ana ing pakarti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak