Waosan: Lelakone Para Rasul 13 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 196
Nats: ‘’… sarta Yokanan ndherekake minangka pambantu.’’ (Ayat 5c)
Kangge kita ingkang gesang ing tanah Jawi tamtunipun boten pangling kaliyan ukara lan lampah ingkang naminipun “nyantrik”. Ukara punika sampun wonten ing tanah Jawi tebih saderengipun agami Islam mlebet ing tanah Jawi. Awit ukara lan lampah nyantrik punika sampun wonten wiwit ing jaman agami Hindu-Budha ngrembaka ing tanah Jawi. Nyantrik dados lampah kangge calon-calon pandhita sinau agami lan tiyang ingkang sinau punika naminipun cantrik. Kanthi lampah ingkang mekaten cantrik punika saged sinau sacara tumemen saking sang gurunipun, awit saben dintenipun cantrik punika tansah ngetut wingking gurunipun. Punapa kemawon ingkang dipun lampahi dening sang guru, cantrik punika saged mangertos. Dene ing tembe dinten mangke nalika rampung anggenipun sinau (nyantrik), piyambakipun saged nindakaken kados dene tuladha ingkang sampun katampi saking sang guru.
Lampah nyantrik punika pranyata ugi kalampahan ing cariyos Kitab Suci ing waosan dinten punika. Yokanan ingkang kasebat ing waosan kita punika nami jangkepipun inggih punika Yokanan Markus, ingkang salajengipun miturut tradisi kitab suci kawentar minangka juru serat Injil Markus. Krana awit saking anemipun asring srawung lan malah ugi nyantrik dhateng para Rasul kados dene Paulus, Barnabas, Petrus, ndadoskaken Yokanan Markus punika mangertos saestu cariyos-cariyos saking para Rasul punika nalika sesarengan kaliyan Gusti Yesus lan nyekseni pakaryan lan mukjijat-Ipun. Lampah nyantrik ingkang dipun lampahi dening Yokanan Markus pranyata saestu dados pengalaman ingkang migunani lan amberkahi. Sinaosa lampah nyantrik punika boten gampil, ananging menawi dipun lampahi kanthi temen lan andhap asor tamtu badhe nuwuhaken woh ingkang sae lan migunani.
Wonten ing salebeting wulan budaya ingkang sampun katetepaken dening GKJW punika, kita kabereg supados ngginaaken kabudayan minangka sarana martosaken Kratonipun Allah sacara kontekstual. Dene konteks ing tanah Jawi, raket sanget kaliyan semangat nyantrik lan ngangsu kawruh saking sesami kanthi lampah ingkang andhap asor. Konteks punika prelu kita mangertosi minangka para pandherekipun Gusti Yesus. Mangga kita purun sinau saking liyan, mekaten ugi tiyang sanes saged sinau saking kita. Mila sumangga kita nyantrik ingkang sae, migunani, lan ndadosaken berkah dhateng sesami. Amin. [ads].
“Gesang sesarengan punika saling asah, asih lan asuh.”