Waosan: Jabur 23 : 1 – 6 ǀ Pamuji: KPJ. 170 : 1
Nats: “Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.” (Ayat 1).
Bilih kita mirsani sadaya kabetahan gesang saben dinten, wonten ingkang nggadahi pemanggih bilih kabetahan kangge sak dinten punika maluber-luber, kabetahan kangge sak minggu taksih cekap, kabetahan kangge sak wulan sampun mengkis-mengkis. Sejatosipun pemanggih ingkang kados mekaten punika ateges taksih pemanggih bilih Gusti punika mberkahi kita namung kaukur saking arta, gaji, lan banda donya kemawon. Mila mboten klentu bilih manungsa kathah ingkang sambat ing gesangipun, rumaos saben dintenipun taksih kirang kemawon.
Ing waosan kita punika, Prabu Dawud nyariosaken lan nggambaraken pengalaman imanipun kaliyan Gusti, kadosdene pangon ingkang njagi mendha-mendhanipun, ingkang tansah dipun tuntun ing papan ingkang kebak suket lan toya, ingkang dados kabetahan utami para mendha punika. Mila ing ayat wiwitan kasebat bilih “aku ora kekurangan apa-apa”, punika ingkang dados iman kapitadosan ingkang utami prabu Dawud salebeting gesangipun.
Manungsa ingkang rumaket iman kapitadosanipun dhumateng Gusti Allah, tamtunipun ing salebeting gesangipun mboten badhe ngraosaken kekirangan. Malahan piyambakipun saged ngraosaken kacekapan berkah saking Gusti. Kacekapan berkah punika mboten ateges namung berkah sacara fisik kados arta, gaji, banda donya kemawon, nanging berkah sacara karohanen kadosdene ingkang dipun raosaken Prabu Dawud, inggih punika raos ayem tentrem (ay. 3). Mekatena ugi Prabu Dawud saged ngraosaken panganthinipun Gusti Allah ingkang tanpa winates ing gesangipun (ay. 4). Gusti Allah tansah mberkahi kabegjan lan kadarman anggenipun nglampahi gesang ing donya, malahan ngantos ing delahan langgeng (ay. 6).
Wujud berkah saking Gusti Allah punika mboten namung kawujud sacara kajasmanen (arta, gaji, banda donya) ananging ugi karohanen lumantar kasarasan, kakiyatan, sanak kadang, ugi tanggi tepalih. Sadaya punika inggih kasebat berkah malah-malah berkah ingkang maluber asalipun saking Gusti. Ing wekdal punika, mangga kita pitados bilih minangka pandherekipun Gusti Allah, kita mboten badhe nandhang kekirangan, awit Gusti Allah tansah nyekapi kabetahan gesang kita. Kadosdene ing pandonga “Rama Kawula”, berkah punika tansah sumrambah kangge umat-Ipun ingkang tansah rumaket dhumateng Panjenenganipun. Amin. [dea].
“Urip kang sejati tansah saos sokur, samubarang kabeh mesthi pas.”