Berkah Pancaran Air Hidup 7 Maret 2024

7 March 2024

Waosan: Efesus 1 : 3 – 6 | Pamuji: KPJ. 178a
Nats: “Pinujia Gusti Allah lan Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Sang Kristus kalawan sarupane berkah kasukman kang ana ing swarga.” (Ayat 3)

Punapa ta berkah punika? Kathah tiyang ingkang nggadhahi pamanggih bilih berkah punika bab-bab ingkang ngremenaken, bab-bab ingkang ndadosaken manah bingah lan bagya. Kosokwangsulipun bab-bab ingkang nyisahaken, nyengsarakaken lan ndugikaken kapitunan, punika sanes berkah. Punapa leres berkah punika namung raja brana ingkang kathah? Punapa leres namung  karemenan, kabagyan, lan kabingahan kemawon ingkang kawastanan berkah? Punapa berkah ingkang sejati punika samukawis ingkang wonten ing alam donya?

Manawi  kita gatosaken Efesus 1, pranyata berkah ingkang sejati punika arupi berkah kasukman. Berkah ingkang saking swarga sanes berkah saking donya. Awit sedaya samukawis ingkang saking donya punika namung  sawatawis, sedaya badhe risak, lan muspra tanpa gina. Mboten wonten satunggal kemawon bab ing alam donya punika ingkang langgeng. Berkah ingkang saestu inggih punika: kapiji dados putranipun Gusti ingkang suci tanpa cacad ing ngarsanipun Gusti (Ay. 4-5). Pitakenanipun kangge kita: menawi makaten punapa tiyang Kristen punika mboten pareng sugih? Punapa mboten pareng seneng? Wangsulanipun: pareng. Tiyang Kristen punika pareng sugih lan seneng, nanging kedah dipun emut bilih kasugihan lan kasenengan punika kedah wonten ing ngarsanipun Gusti. Lajeng punapa ingkang kedah kita lampahi supados berkah punika mboten salah?

Kita gatosaken pepujian KPK 178a. Pasrah Sumarah ing Gusti. Sarana pasrah-sumarah mring Gusti, kita badhe pikantuk pangayoman ingkang sejati, gesang kita tansah rinimat,  karoban ing sih lan piwlasnya, sedaya kabetahan kita pinaringan ing sacekapnya, satemah manah kita tansah ayem-tentrem. Manawi manah kita tansah ayem tentrem sedaya kawontenaning  gesang mboten badhe ngaruhi kita. Bungah-susah, sugih-mlarat punika kita tampeni minangka berkah. Kita tansah muji sokur dhumateng Gusti ing sadengah kawontenan, ingkang kita lampahi namung ngudi kratoning swarga lan sagunging kasampurnannya. Kanthi makaten kita saged mangertosi  panganthi lan panunggiling Gusti dhateng kita. Kita saged mangertosi lan ngraosaken bilih Gusti Allah punika Parang Pangungsen kita ingkang sejati. Artosipun nalika kita tinempuh prahara, Gusti Allah tansah ngiyataken lan nyantosakken kita, kita ugi saged ngadepi sedaya prekawis lan pacoben. Kanthi makaten gesang kita tansah tentrem rahayu. Amin. [SW].

 “Urip iku kudu bisa nguripi”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak