Lu Jual, Gua Beli Pancaran Air Hidup 7 Maret 2023

7 March 2023

Waosan: Rum 4 : 6 – 13 │ Pamuji: KPJ 97
Nats: ‘’Kayadene Sang Prabu Dawud iya mastani rahayu wong kang kaanggep bener dening Gusti Allah ora wewaton ayahane.’’ (Ayat 6)

Lu Jual Gue Beli dados satunggal ukara ingkang kapendhet saking kabudayan Betawi inggih punika lakon Lenong Betawi. Wonten ing Lenong punika kacariyos wonten tiyang ingkang sami padu lajeng sami tantang-tantangan. “Lu Jual, Gue Beli” dados gambaran bilih menawi mengsahipun ngedalaken punapa kemawon, pihak sanesipun boten ajrih lan tetep wantun ngadhepi sarta sagah nampi. Badhe adu kasekten, nggih sagah, badhe adu mawi gaman, nggih boten mundur. Gambaran ingkang kapendhet saking dunia ekonomi punika mratelaaken bilih sinten ingkang kasebat tiyang ingkang kiyat, inggih punika tiyang ingkang kiyat numbas sedayanipun.

Pitakenanipun menawi magepokan kaliyan gesang kapitadosan, punapa saged kakiyatan sacara iman kaukur mawi ukuran kakiyatan sacara ekonomi? Manungsa dosa aben ajeng kaliyan Gusti Allah ingkang Mahasuci. Miturut kapitadosan Kristen mratelaaken bilih sedaya tiyang punika sampun dhumawah ing salebeting dosa lan boten wonten ingkang leres ing ngarsanipun Gusti Allah. Namung Gusti Allah pribadi ingkang kagungan panguwaos nebus sakatahing dosanipun manungsa punika. Namung Gusti Allah kemawon ingkang wenang ngetang sapinten pantesipun manungsa punika nampi kanugrahan. Bagian manungsa punika kantun purun kumandel utawi boten.

Gusti Allah sampun paring sih rahmat ingkang ageng kangge kita, karana punika kita kedah nanggepi sih rahmatipun Gusti punika. Ing swasana Pra-Paskah punika, mangga kita tansah enget dhumateng sedaya kanugrahan peparingipun Gusti Allah kangge kita. Boten samestinipun menawi kita taksih rumaos gumunggung wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Kita kedah ngasoraken dhiri, kedah mratobat, lan tansah enget dhumateng Gusti Allah. Awit sapinten kathahipun dosa kita sampun katumbas lan kabayar lunas dening Rah pangurbananipun Gusti Yesus. Amin. [ads]

Bukan dengan barang fana Kau membayar dosaku, dengan darah yang mahal tiada dosa dan cela.
(Seperti Yang Kau Ingini – Nikita)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak