Waosan : Yokanan 2 : 13 – 22 | Pamuji : KPJ. 136
Nats: “Bakul-bakul dara padha kadhawuhan mangkene : “Kabeh iki padha singkirna saka ing kene! Padalemane Rama-Ku aja kokgawe omah padagangan.” (Ay. 16)
Manungsa gesang punika kathah kabetahanipun wiwit kabetahan tetedhan, sandang, papan, lsp. Kangge nyekapi kabetahanipun punika, manungsa nyambut damel kanthi rekaos. Wonten tiyang ingkang nyambut damel dados buruh, tukang, pegawai, lan ugi wonten tiyang ingkang dados direktur ngantos pejabat pemerintah. Dados pejabat pemerintah lan gadhahi panguwaos punika perkawis ingkang adi, ananging sampun ngantos tindak tandukipun mblasar lan ginakaken panguwaosipun kangge perkawis ingkang mboten sae utawi kangge kabetahanipun piyambak.
Padalemanipun Allah punika kaperang dados gangsal ruang/pelataran :
- Pelataran Maha Kudus
- Pelataran Para Imam
- Pelataran Umat Israel (kagem tiyang jaler)
- Pelataran kagem tiyang estri
- Pelataran kagem tiyang Non Yahudi
Jalaran kepengin ngempalaken raja brana, para pemimpin agama Yahudi ngrubah kahanan padalemanipun Allah kados dene pasar. Pelataran kagem tiyang non Yahudi dipun ubah dados pasar. Kathah tiyang ingkang dol-tinuku sapi, wedhus lan manuk dara. Ugi wonten tukang nglintoni arta. Awit saking punika tiyang non Yahudi ingkang pitados Gusti Allah mboten saged ngabekti kanthi khidmat. Ningali kahanan ingkang kados mekaten, Gusti Yesus mboten remen lajeng mbibaraken tiyang-tiyang ingkang sami dol tinuku punika. Karana padalemanipun Gusti Allah punika mboten namung katujukaken kangge pangabekti tiyang Yahudi kemawon ananging sedaya tiyang ingkang pitados dhumateng Allah, sedaya saged ngabekti kanthi khidmat.
Saben tiyang tamtu gadhahi pangajeng-ajeng saged kacekapan kabetahan gesangipun sadinten-dinten. Ananging sampun ngantos kangge nyekapi kabetahan gesang punika, lajeng kita keblinger, mblasar lan serakah. Kita tansah sesambetan gesang kaliyan tiyang sanes, karana punika gesang kita ugi kedah migunani kangge liyan. Mangga kita sami pasrah lan sumarah, makarya kanthi temen lan bener, awit Gusti Allah tansah nganthi lan mberkahi kita. Gusti mboten badhe duka lan mbibaraken gesang kita. Amin. (Mal).
“Pasrah lan sumarah mring Gusti mesthi bakal mulya”