Waosan: Ayub 39 : 22 – 38 ǀ Pamuji: KPJ. 106
Nats: “Apa sira kang aweh karosan marang jaran? Apa sira kang nyandhangi suri ing githoke?” (Ayat 22)
Jaran punika salah satunggaling sato kewan ingkang tenaganipun rosa, playunipun banter ugi lincah. Kala rumiyin manungsa asring migunakaken jaran punika kangge sarana transportasi lan titihan perang. Ing bidang “otomotif utawi mesin” jaran punika dados ukuran kakiyatan tenaga mesin kendaraan. Pramila wonten istilah “horse power” utawi tenaga jaran.
Sadaya kaluwihan ingkang wonten ing kewan jaran punika (kakiyatan, playu banther lan lincah) asalipun saking Gusti Allah piyambak. Ing waosan punika Gusti Allah ngegetaken dhumateng Ayub kanthi pitakenan, “Apa sira kang aweh karosan marang jaran? Apa sira kang nyandhangi suri ing githoke?” Ayat punika cetha sanget kangge negesaken dhumateng Ayub bilih Gusti Allah piyambak ingkang maringi kakiyatan lan nyandhangi suri utawi paring kaendahan. Menawi jaran mawon dipun paringi kakiyatan ingkang ngedab-edabi dening Gusti Allah, punapa malih Ayub minangka umatipun Gusti Allah. Pramila, Ayub kedahipun langkung rosa katimbang jaran anggenipun ngadhepi kasangsaraning gesang.
Asring kita rumaos mboten nggadhah daya kakiyatan kangge ngadhepi kasangsaraning gesang, punapa malih kasagahan netepi timbalanipun Gusti Allah nindhakaken paladosan lan kasaksian. Kathah alesan kangge nyingkur lan nglirwakaken timbalanipun Gusti Allah kalawau. Ananging sejatosipun kita punika kesed, mboten purun repot, lan mboten purun gumregah tumindak. Tenaga, pikiran, lan wekdal kita ing kalamangsanipun langkung kathah kita ginakaken kangge samukawis ingkang mboten migunani. Pramila ing wulan kasaksian lan paladosan punika, sumangga kanthi andhap asoring manah, kita saestu nyuwun kakiyatan wonten ngarsanipun Gusti Allah temahan kita punika saged netepi timbalanipun kangge lelados lan minangka seksi ing salebeting gesang padintenan. Kita pitados Gusti Allah tansah paring kakiyatan saha kasagedan kangge kita nindakaken ayahan kita dados seksinipun Gusti. Gusti estu nganthi lan nulungi kita kangge martosaken kabar kabingahan lan pakaryanipun Gusti. Amin. [sugimbul].
“Panjenengane paring kakuwatan marang kang sayah,
lan paring tambahing karosan marang kang tanpa daya”
(Yes. 40:29)