Waosan : Matius 28 : 16 – 20 | Pujian : KPJ. 348
Nats: “Para sakabat sawelas nuli padha mangkat menyang Galilea, menyang ing gunung kang wis kapangandikakake dening Gusti Yesus” (Ay.16)
Kula pinanggih warganing greja ingkang ngaturaken pitakenan mekaten: “Apa ta gunaning pangabekti aneng greja kuwi, menawi tiyang sampun nglampahi gesang kanthi soleh, satuhu sabdaning Gusti? Sampun tumindak sae lan dados berkah kangge tiyang sanes tanpa pandang-bulu? Apa isih kurang tah, anggonku dadi saksine Gusti?” Ayat 16 nyebataken, “Para sakabat sawelas nuli padha mangkat menyang Galilea, menyang ing gunung kang wis kapangandikakake dening Gusti Yesus”. Para sakabat mlampah 123 km saperlu pinanggya kaliyan Gusti Yesus, sepindah malih. Senadyan para sakabat punika sampun pinanggya kaliyan Gusti Yesus secara mirunggan (privat), para sakabat mbudidaya netepi prentahipun Gusti kanthi semangat tanpa ngresula.
Coba diteges! Bilih tiyang ingkang tansah ngupadi manunggiling diri kaliyan Gusti, tiyang punika kedah netepi kanthi setya prentahing Gusti. Punika sanes prekawis “pengkultusan” papan pangibadah, nanging mligi prekawis manut lan setya dumateng prentahing Gusti. Para pandherekipun Gusti ingkang sampun pinanggih kaliyan Gusti sacara mirunggan ing aktivitas spiritualipun (khalwat -istilah GKJW-) katetepaken kedah masamuwan sesarengan sederek pitados sanes (ingkang nampi prentah ingkang sami saking Gusti) satemah masamuwan ing satengahing bebrayan agung. Ing salebeting pangibadah agung punika, Gusti kanthi setya rawuh marang pribadi mbaka pribadi. Satemah para sakabat sansaya tambah kapitadosanipun.
Nalika masamuwan sesarengan tiyang kathah, wonten kathah prekawis ingkang ngalang-alangi paningalan rohani kita, satemah Gusti namung “katingal samar-samar”, contonipun; kawontenanipun jiwa-raga kita ingkang dadosasken bad-mood, e wonten pangapura kangge asanes, dis-orientasi dumatheng makna ibadah, mboten fokus (ibadah namung formalitas – malah dolanan gadget-), lsp. Satemah pangibadah punika mranani ing manah panjenengan, namung satunggal cara: ngener maring Gusti! (wa-one)
“Masamuwan punika paseksi sejati: Temen-temen ngabekti ngluhuraken Asmanipun Gusti”