Waosas : Zakharia 2 : 6 – 13 | Pamuji: KPJ. 103
Nats: “He sakehe tumitah! Padha menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dene wus karsa tedhak saka ing padalemane kang suci.” (Ayat 13).
Saben tiyang ingkang ngalami pacoban lan kawontenan ingkang boten sae, tamtu ngajeng-ngajengaken wonten pitulungan ingkang nyata ing gesangipun. Pitulungan punika ingkang dipun galih saged mungkasi pacoban lan kawontenan ingkang boten sae punika. Lumantar pangajeng-ajeng punika, tiyang ingkang ngalami pacoban saged kiyat lan nggadhahi semangat malih kangge nglajengaken gesangipun. Pitulungan punika saged mawujud ing sadaya kawontenan lan lumatar sinten kemawon. Ananging kanggenipun kita tiyang pitados, pitulungan ingkang sejatos punika pinangkanipun namung saking Gusti Allah.
Kawontenan ingkang mekaten punika ugi dipun alami dening Bangsa Israel ingkang wonten ing tlatah pambucalan. Lajeng Bangsa Israel dipun timbali wangsul malih dhateng tlatah Kanaan, papan panggenan ingkang dipun cawisaken Gusti Allah. Nalika Gusti Allah ngukuman Bangsa Israel ingkang mbalela, sejatosipin Panjenenganipun boten nilar umatipun. Paukuman ingkang dipun tampi Bangsa Israel punika dipun agem Gusti Allah supados Bangsa Isarel sadar lan boten tumindak dosa malih. Bangsa Israel ingkang kapencar-pencar ing papan pundi-pundi dipun kempalaken malih. Sadaya ingkang kelampahan punika awit saking katresnanipun Gusti Allah dhateng umat-Ipun Israel. Gusti Allah kersa mulihaken Bangsa Israel supados Bangsa Israel purun setya tuhu wonten ing sadaya timbalan-Ipun. Yerusalem kapiji dados papan panggenan umatipun Allah nampi pitulungan lan berkah malih.
Ing sadaya kawontenan Gusti Allah punika peduli lan tansah paring pitulungan. Sanadyan kadangkala kita ngraosaken ingkang kita alami punika awrat, ananging pitulunganipun Gusti Allah boten nate telat kangge kita ingkang pitados. Gusti Allah tansah peduli dhateng kautuhaning umat-Ipun. Pramila sumangga kita ingkang dados umatipun Gusti Allah tansah manut dhateng karsa lan prentah-Ipun. Kita nata gesang kita kangge nindakaken katresnan dhateng Gusti lan sesami. Langkung-langkung gesang kita kebak ing pengajeng-ajeng dhumateng Gusti, ingkang dadosaken kiyat lan sabar anggenipun ngadepi sadaya prekawis lan kawontenen gesang punika. Amin. [GRA].
“Gusti Allah kagungan cara kangge nyatunggilaken kita.”