Waosan: Dhaniel 2 : 1 – 19 | Pamuji: KPJ. 248
Nats: “Wasana bab kang winadi mau banjur kebuka marang Dhaniel ing sajroning wahyu ing wayah bengi. Dhaniel nuli ngluhurake marang Gusti Allahe saindenging langit.” (Ayat 19)
Ngimpi punika prekawis ingkang limrah dipun alami manungsa. Wonten maneka warni impen ingkang katampi, wonten impen ingkang sae lan mbingahaken, nanging ugi wonten ingkang awon lan nggegirisi. Impen ingkang sae saged dados pengajeng-ajeng lan semangat gesang padintenan. Nanging bilih ngalami impen ingkang awon, tamtunipun dados prekawis ingkang ganggu sanget. Punapa malih anggenipun nampi impen awon ngantos wongsal-wangsul ing saben dalu. Lajeng kirang jenjem ing penggalih lan mboten saged sare. Langkung malih bilih ngangen-angen punapa ingkang dados tegesipun impen awon punika. Bilih ing jaman semanten, wonten buku primbon impen lan ‘tafsir mimpi’ ingkang dados sarana paring panglipur sawetara lan mangsuli raos penasaranipun.
Ing jamaninpun Prabu Nebukadnezar, dereng wonten buku primbon bab impen ingkang saged dipun waos lan dados panglipur kangge manah ingkang kirang tentrem. Sinaosa sampun nggadah panguwaos ageng lan sugih, taksih wonten prekawis ingkang wadi kagem piyambakipun. Sang Prabu kedah mudhut pirsa dhateng para sesepuh lan tiyang wasis saindenging kraton. Nanging awit awrating impenipun Sang Prabu, piyambakipun mboten saged blaka paring pangertosan bab tegesipun impen ingkang dipun alami. Benten kaliyan Dhaniel ingkang ngraosaken katentreman saben wekdal sinaosa kaancam ing pati. Dhaniel pitados bilih sumber sadaya prekawis namung Gusti Allah. Ing salebeting pandonga, Dhaniel nyuwun supados saged njarwakaken impenipun Sang Prabu. Lajeng Gusti Allah maringi Dhaniel pangertosan bab impenipun Sang Prabu. Kanthi kabingahan lan ngluhuraken asmanipun Gusti, Dhaniel sowan lan njarwaaken impenipun Sang Prabu lan punapa ingkang dados tegesipun.
Mbok bilih kita nate ngraosaken kirang jenjem ing penggalih lan kirang tentrem ing pigesangan kados Prabu Nebukadnezar. Sumangga kita nuladha Dhaniel ingkang tansah nyuwun welas asih lan kawicaksanan saking Gusti. Kita nembe kemawon mahargya dinten wiyosipun Sang Kristus, kedhahipun kita saged ngraosaken katentreman ingkang dipun asta saking kaluhuran kraton swarga. Tiyang pitados kedhahipun mboten perlu kuatir bilih nampi impen awon, awit Gusti Allah ingkang karya jagad kersa paring tentrem rahayu. Sumangga kita tansah mbangun pigesangan ingkang rumaket kaliyan Sang Kristus lan nampi katentreman saha katresnan-Ipun. Amin. [jarwi].
“Katentreman sejati namung tuwuh ing Asmane Pangeran Yehuwah.”