Tansah Mbangun Turuting Gusti Renungan Harian 7 Januari 2021

7 January 2021

Waosan : 1 Samuel 3 : 1 – 21 | Pamuji : KPJ. 136
Nats: “Pangandikane Imam Eli: Apa kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang kowe? Aja kok sidhem marang aku.” (Ay. 17)

Menawi dipun aturi milih, punapa ingkang badhe panjenengan pilih, paring pawartos ingkang rahayu? Punapa paring pawartos ingkang awon dhumateng sedherek panjenengan? Tamtunipun kathah ingkang milih paring pawartos rahayu, awit pawartos rahayu punika saged paring kabingahan dhumateng sesami lan kita piyambak mboten pakewuh dhumateng liyan. Kathah tiyang ingkang mlajeng utawi mboten purun bilih kautus mawartosaken kabar ingkang awon.

Waosan kita dinten punika nyariosaken kados pundi Samuel dipun timbali Gusti dados Juru Pawartosipun Gusti. Tugas ingkang kedhah dipun lampahi Samuel mawartosaken karsanipun Gusti dhateng bangsa Israel. Tugas punika kawiwitan kagem brayatipun Imam Eli, Samuel martosaken bilih bangsa Israel lan putra-putranipun Eli badhe kaukum dening Gusti Allah. Ing wiwitan, Samuel ngraosaken mangu-mangu lan ajrih. Bab punika ngetingalaken bilih tugas punika perkawis ingkang awrat. Ningali kahanan ingkang mekaten, Imam Eli paring kekiyatan dhumateng Samuel lan ngemutaken bilih ingkang wigatos punika tansah nindakaken punapa ingkang dipun kersaaken Gusti Allah awit Gusti Allah Maha Kuwaos.

Asring ing satengahing pigesangan, kita nemani kahanan kados dene Samuel. Rumaos ajrih, mangu-mangu, mboten sekeca ing manah bilih kedah mawartosakan bab lepating liyan utawi ngemutaken sesami dhateng sedaya Pangandikanipun Gusti. Lumantar waosan kita punika, kita saged sinau :

  1. Pawartos perkawis paukuman kagem bangsa Israel lan putra-putranipun Eli punika ngetingalaken bilih Gusti Allah ngersakaken umat kagunganipun saged mbangun turut dhumateng Gusti Allah.
  2. Raos kamanungsan kita kadangkala saged dados pambengan nalika nindakaken tugas lan tanggel jawab, kados dene Samuel ingkang ajrih mawartosaken karsanipun Gusti utawi Eli ingkang mboten tegel paring duka dhumateng putranipun ingkang tumindak ala. Ananging ingkang wigatos, kadospundi kahananipun kita kedah nindakaken pangandikanipun Gusti sanajan kahanan mboten sae. Gusti punika ingkang utami. (Mal)

 “Kabeh kuwi dudu kowe, ananging amarga Aku.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak