Waosan: Ayub 6 : 1 – 13 | Pamuji: KPJ. 78
Nats: “Gusti Allah muga karsaa ngremuk aku, ngagagake astane sarta nguwisi uripku!” (Ayat 9)
Kacarios ing dusun dongeng wonten salah satunggaling piyantun ingkang sugih sanget, mboten namung sugih sacara kajasmanen, ananging iman kapitadosanipun ugi ketingal sae. Piyambakipun sregep ngabekti, ndedonga, aktif wonten ing sedaya kegiatan greja, ugi asring ngedalaken artanipun pribadi kangge nyekapi kekiranganing dana kegiatan-kegiatan greja. Piyantun punika naminipun pak Arta. Sawatawis wekdal kepengker warga greja mboten remen dhateng Pak Arta, awit pak Arta sampun benten, piyambakipun asring gumunggung, kumalungkung, lan rumaos nguwaosi greja. Pagebluk Corona ngrisak sedayanipun, watawis kalih tahun sedaya usahanipun Pak Arta macet, ekonominipun ajur. Sedaya aset-asetipun setunggal mbaka setunggal dipun sade, sedaya rencang bisnisipun nebih, malah sadherek patunggilan ugi setunggal mbaka setunggal nebih. Pangabekti lan pandonganipun kados-kados mboten dipun mirengaken Gusti malih. Piyambakipun rumaos dipun sisihaken dening Gusti lan sesaminipun.
Ing waosan kita dinten punika saged kita pirsani bilih pigesanganipun Ayub dumugi ing titik ingkang paling andap. Jasmani lan rohaninipun sak estu ajur. Malah nyuwun supados Gusti Allah njabut nyawanipun (Ay. 8-10). Mboten wonten malih kakiyatan lan pitulungan kangge piyambakipun. Sedaya mitra lan sanak kadangipun sami nilaraken piyambakipun. Ing kawontenan ingkang kados mekaten punika Ayub mbetahaken Gusti.
Pak Arta rumaos dosa, ing batos piyambakipun janji mboten badhe nilaraken Gusti malih. Samangke pak Arta sampun tangi malih. Imanipun sampun kabangun, ekonominipun sakedhik-mbaka sakedik tuwuh malih. Supados saged kangge pangeling-eling lan sarana para sadherek sanesipun saged gumregah ing iman lan pigesanganipun, pak Arta paring paseksi ing satengahing pasamuan bilih nalika manungsa punika wonten ing kawontenan ingkang sekeca, manungsa mboten badhe saged mangertosi bilih sajatosipun gesangipun namung gumantung dhumateng katresnan lan panguwaosipun Gusti! Pramila kedah purun karemuk dening Gusti lan karipta laras kaliyan karsa-Nipun, kapulihaken, migunani lan murakabi kagem gesanging tiyang kathah. Sumangga kita pasrah sumarah dhumateng Gusti, supados gesang kita kapulihaken lan saged dados sarana mulihaken pigesanganing tiyang sanes. Amin. [SW].
“Nanging kula gesang, namung kemawon sanes kula piyambak malih ingkang gesang, namung Sang Kristus ingkang gesang wonten ing kula.” (Gal. 2:20)