Waosan : Yesaya 26 : 7 – 15 | Pamuji : KPJ. 106 : 1, 2
Nats: “Dhuh Allah, Paduka sampun nyawisaken katentreman kanggé kawula, sebab samukawis prekawis ingkang kawula tandangi, punika Paduka piyambak ingkang nindakaken kanggé kawula.” (Ay.12)
Sedaya manungsa, mesthi kepingin gesangipun manggih tentrem rahayu. Menawi saged, gesang kita tansah rukun harmonis, ayem tentrem selaminipun. Ananging kasunyatan ingkang kelampahan, boten kados pengangen-angen kita. Awit, gesanging manungsa boten uwal saking panggodha lan pacoben. Mesthi ngadhepi rekaos, sisah lan bingah, nangis lan gumujeng. Asring menawi nandhang reribet ingkang awrat, kita nelangsa, nggetuni pigesangan ingkang kelampahan. Kangge kita sedaya umat kagunganipun Gusti Yesus, punapa ingkang kita tindakaken menawi sedaya punika tinempuh ing gesang kita?
Waosan ing wekdal punika, mratelakaken bilih bangsa Israel taksih ing pangawulan Babel. Ateges, gesangipun kebak sangsara lan panganiyaya. Bangsa Israel saweg ngadhepi kasisahan lan panangis, awit katindhes bangsa Babel. Kanthi kahanan ingkang kados mekaten, Nabi Yesaya paring panglipur lan kekiyatan arupi pameca ingkang dados pangajeng-ajeng. “Aja kuatir, ana Pangeran Yehuwah kang dadi kutha kang santosa. Panjenengane kang bakal ngesorake papan kang dhuwur. Beteng kang santosa bakal kaglimpangake ing lebu.” Sedaya punika katindhakaken dening Sang Yehuwah ingkang akarya jagad. Kanthi Sabda Pangandika punika, Gusti ngersakaken supados bangsa Israel tansah pitados ing Sabdanipun Gusti. Amargi Gusti sampun nyawisaken tentrem rahayu, kagem sinten ingkang pitados.
Pasinaon tumrap kita sedaya, senaosa gesang punika tansah ngadhepi kasangsaran lan panggodha, kathah prekawis ingkang dadosaken sisah, sampun cuwa ing manah. Gusti ingkang dados pengajeng-ajeng kita, badhe nuntun gesang kita. Pramila, sampun ngantos kuatir wonten Gusti Allah ingkang kagungan gesang. Aja melang-melang lan mangu-mangu, Gusti ingkang kagungan panguwaos badhe mbelani umatipun. Angger kita purun pitados ing Sabdanipun lan nindhakaken karsanipun Gusti. Ingkang wigati kagem kita sedaya, sumangga kanthi gumolonging manah, kita rumaket lan setya tuhu ing Gusti. Tansah ndedonga lan celak ing Gusti lumantar pandonga lan pangabekti. Sansaya dangu sansaya manteb ing pracaya, satemah, kita sedaya pikantuk tentrem rahayu ingkang sejatos. (ji)
“Reribet lan pakewet, ndadosaken sansaya rumaket”