Ngutamaken Gusti Menapa Tradisi? Renungan Harian 5 September 2018

5 September 2018

Waosan: Markus 7:9-23| Pamuji: KPK 137:1,2
Nats: ”Pangandikane maneh mangkene: “ Pinter banget kowe nyingkirake pepakoning Allah, supaya bisa netepi adat –tata-caramu dhewe” (Ayat 9)

Ing gesang kapitadosan, tradisi dados salah satunggaling bab wigati. Nanging emanipun, kala-kala tiyang ngunggulaken tradisi ingkang boten wonten gandheng cenengipun kaliyan iman kapitadosan agami nglangkungi kapitadosan. Tradisi lajeng ndadosaken tiyang malah nyingkur pepaken ingkang saking Gusti kados dene bangsa Yahudi ing waosan kita punika. Bangsa Yahudi sampun boten saged mbentenaken pundi  adat tata cara ingkang nggadhahi unsur ibadah, pundi ingkang boten. Nalika Ahli Toret mirsani para sakabatipun Gusti boten wijik ( Cuci tangan ) saderengipun dhahar, para Ahli Toret sami mastani bab menika najis.

Tiyang parisi lan Ahli Toret nggadhahi pamanggih bilih prekawis ceremonial lan ritual nglangkungi pepaken agungipun Gusti Allah. Conto pamanggihipun: bilih sampun saos kurban dhumateng Gusti, mila boten perlu malih nggatosaken tiyang sepuh (ayat 9-13). Tiyang-tiyang punika nggadhahi pamanggih bilih tanggel jawab moral saged dipun gantos kaliyan perkawis-perkawis ceremonial lan ritual. Gusti Yesus paring pitutur bab menapa ingkang wigati kangge batosipun manungsa lan menapa barang ingkang najis. Dedaharan ingkang sampun mlebet saking njawi boten saged ngrusak manah. Ingkang najis punika sedaya bab ala wonten manah ingkang medal lumantar tembung lan tumindak ala (Ayat 14-23).

Gusti Yesus pirsa tumindak ingkang ala ingkang wonten ing lebeting manahipun manungsa senadyanta katutup dening tumindak ingkang sae.  Tiyang saged katingal sae saking njawi ananging manahipun dereng tamtu nresnani Gusti Allah.  Kita pitados bilih ada-istiadat punika boten sadaya salah. Ananging kaleresanipun Gusti punika kedah nglangkungi adat istiadat ingkang sampun dipun lampahi dening manungsa. Kedahipun adat istiadat punika dipun dhasari kaliyan dhawuh pangandikanipun Gusti. Gusti ngersakaken  gesang lan pigesangan kita tansah celak kaliyan Gusti, supados kita nglampahi pigesangan ingkang ngutamakaken Gusti piyambak. Gusti kedah dipun urmati dan dipun taati nglangkungi sedaya tata aturaning manungsa. Amin ( Dino )

“Dhawuh pangandikaning Gusti ingkang nata gesang kita. Sanes adat istiadatipun manungsa“

Renungan Harian

Renungan Harian Anak