Spiritualitas Lampu Margi Pancaran Air Hidup 5 Oktober 2025

5 October 2025

Waosan: Lukas 17 : 5 – 10  |  Pamuji: KPJ. 447
Nats: ”Manawa kowe wis nglakoni kabeh kang kaprentahake marang kowe, kowe padha munia: Aku kabeh iki abdi-abdi kang tanpa guna, amarga mung nglakoni apa kang padha kudu daktindakake.” (Ayat 10)

Lampu margi utawi Penerangan Jalan Umum (PJU) inggih punika lampu ingkang ginanipun kangge madangi margi ing wanci dalu. Lampu punika dipun damel supados sadaya tiyang ingkang lewat saged sumerep margi ingkang dipun lewati lan katebihna saking bilai. Kahanan lampu margi punika, saestu namung saderma madhangi margi. Benten kaliyan lampu kelap-kelip/lampu hias ingkang ndamel sadaya pandangan tumuju dhateng piyambakipun.

Kahanan lampu margi punika, kirang langkung saged paring gambaran kahanan kita ing ngarsanipun Gusti. Waosan kita ing wanci punika nedhahaken Gusti Yesus ingkang nyariosaken setunggal pasemon bab lurah lan batur. Gusti Yesus paring pitedah bab tugas lan kewajibanipun batur ing ngajeng lurahipun. Kadosdene mluku utawi angon raja-kayanipun sang lurah (Ay. 7), nyawisaken dhaharan lan unjukan kagem sang lurah (Ay. 8), lsp. Intinipun sadaya ingkang dipun prentahaken sang lurah, kedhah dipun lampahi kaliyan si batur. Si batur punika kedhah manut dhateng lurahipun. Amargi sang lurah sampun paring tebusan kangge gesangipun si batur. Mila ayat 10 nedhahaken, bilih si batur punika sampun nglampahi ayahan lan manut dhateng lurahipun, si batur kedhah mungel, ”Aku kabeh iki abdi-abdi kang tanpa guna, amarga mung nglakoni apa kang padha kudu daktindakake.” (Ay. 10).

Minangka tiyang Kristen ingkang dados abdinipun Gusti, kita ugi kedah saged nggadahi spiritualitas lampu margi kalawau. Gesang kita punika sejatosipun namung abdinipun Gusti. Kita punika namung saderma nglampahi ayahan lan nedhahaken dhateng tiyang sanes, pundhi to margi ingkang sejati punika. Minangka abdinipun Gusti, tamtu kita pitados bilih margi ingkang sejati, sejatining kayekten lan kauripan namung wonten ing Sang Kristus. Mila kados dene lampu margi kalawau, sadaya pakaryan lan peladosan ingkang kita lampahi, sae punika dados majelising pasamuwan, pemain musik, pengurus KRW/komisi/pokja, lsp; sadaya punika nggih namung kagem mawartosaken lan nedhahaken agunging Sang Kristus ingkang dados Juru Wilujeng. Mboten wonten ingkang saged kita sombongaken, awit kita punika namung abdining Gusti ingkang saderma nglampahi punapa ingkang kedah dipun lampahi. Amin. [YAH].

“Mugi gesang kita saged saestu ngluhuraken Asmanipun.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak