Waosan: 1 Korinta 7 : 1 – 9 ǀ Pamuji: KPJ. 357 : 1 – 3
Nats: “Kang wadon ora nguwasani badane dhewe, nanging kang lanang. Mangkono uga kang lanang iya ora nguwasani badane dhewe, nanging kang wadon.” (Ayat 4).
Rasul Paulus njlentrehaken bilih sesemahan punika sanes kuwajiban, ananging pilihan.
Tiyang saged milih nikah utawi milih gesang piyambakan (selibat). Tujuaning sesemahan punika sanes namung kenikmatan fisik, ananging karohanen, kados ta: patunggilan kangge sih-sinihan, bantu-binantu, sangkul-sinangkul, kiyat-kiniyataken, sampurna-sinampurnakaken. Inggih patunggilan ingkang nggambaraken citranipun Yehuwah Allah ingkang Mahatresna, Mahasetya, kebak sih pangapunten. Kangge nyingkiri gesang tanpa iman, laku zinah, egosentris ingkang namung mikiraken dhiripun piyambak, miwah supados sangsaya sumuyud lelados dhumateng Gusti.
Saben perangan kaparingan peparing lan ganjaran ingkang benten-benten, ingkang unik, tujuanipun sak sanesipun supados saged lados-linadosan miwah sampurna-sinampurnakaken, ugi makarya sesarengan kangge kasaenanipun gesang sesarengan sarta konjuk kamulyanipun Gusti. Mila ing saklebeting sesemahan saestunipun tiyang estri kedah masrahaken badanipun dhumateng ingkang jaler, matemah badanipun sasestunipun sanes namun gegadhahanipun piyambak. Mekaten ugi, tiyang jaler masrahaken badanipun dhumateng ingkang estri, matemah badanipun sanes gegadhahanipun piyambak. Ing ngriki kekalihipun “saling nggadhahi”. Kangge mawujudaken sadaya punika, kekalihipun kedah pitados-pinitados, tiyang jaler pitados dhumateng tiyang estri semahipun, mekaten ugi tiyang estri ugi pitados dhumateng tiyang jaler semahipun.
Gesanging sesemahan punika saestunipun oyoting gesang pasamuan miwah gesang bebrayan. Kados dene wit lan oyotipun, kekalihipun mboten saged kapisahaken. Pasamuan kakersakaken dening Gusti minangka patunggilan ingkang wigatos-winigatosaken, tresna-tinresnan, tulung-tinulung, sangkul-sinangkul miwah sampurna-sinampurnakaken. Mekaten ugi gesanging bebrayan agung. Wontenipun peparing miwah ganjaran ingkang mawarni-warni inggih kangge mawujudaken sadaya timbalanipun Gusti ing nginggil punika, matemah pasamuan terus tuwuh ngrembaka, sangsaya luber-luber berkahipun tumrap sadaya warganing pasamuan, sumrambahipun tumrap bebrayan. Amin. [BRU].
“Brayat minangka oyoting pasamuan lan bebrayan, miwiti nindakaken sadaya kasaenan saking brayat, sumrambahipun ugi ing pasamuan lan bebrayan.”