Waosan : Roma 8 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ202
Nats: “Nanging kowe wis ora manut pangrehing daging, awit manut pangrehing Roh; semono mau yen Roh Gusti Allah dedalem ana ing kowe temenan. Sapa sing ora nduweni Rohe Sang Kristus ana ing uripe, wong kuwi dudu kagungane Sang Kristus” [ayat9]
Salah satunggiling dinten kula mundhutaken sandal enggal kagem bapak kula karana kula tinggali sandal ingkang biasa dipun agem sampun awon. Bapak bingah nampi sandal enggal ingkang kula aturaken nanging sandal menika mboten enggal-enggal dipun agem. Wekdal kula nyuwun pirsa kenging menapa sandal ingkang enggal kok mboten dipun agem, bapak paring wangsulan “Sing lawas jik iso dienggo, eman-eman nek arep dibuang”.
Bingah nampi ingkang enggal nanging awrat mbucal ingkang lami. Pakulinan kados mekaten mboten namung sesambetan kaliyan barang nanging asring ugi sesambetan kaliyan pola gesang. Bingah nampi kanugrahan kawilujengan ingkang ngemu teges nampi gesang enggal (gesang kagunganipun Gusti) nanging awrat mbucal lampah gesang lami. Tamtu maneka warni alasanipun.
Waosan kita ing dinten menika dados pepenget kangge sedaya tiyang ingkang sampun tinebus lan dados kagunganipun Gusti. Rasul Paulus ngengetaken supados kita sageda mujudaken gesang ingkang tansah mbangun turut ing panuntuning Roh Suci. Awit gesang tiyang pitados sampun tinebus, sampun kaenggalaken dening Gusti Yesus lan sanes gadhahanipun piyambak. Ingkang ngemu teges kita sampun pinaringan kamardikan saking bebenduning dosa lan nampi kanugrahan adi. Gesang lami (gesang kadagingan) kedah dipun tilar lan kagantos gesang enggal. Gesang ingkang kados pundi? Gesang ingkang mboten namung mbujeng pikajeng kita piyambak, nanging gesang ingkang tansah kaenggalaken. Gesang ingkang ngabdi dhumateng karsanipun Gusti lan nuladha Gusti Yesus. Pancen mboten gampil, nilar pola gesang lami awit kita kedah nyelaki dhiri kita lan mbucal prekawis ingkang kita remeni. Nanging kita kedah pitados bilih gesang enggal nuntun kita dhateng kasaenan gesang. Roh Suci mesthi paring kesagedan menawi kita mbudidaya niat sae nglampahi gesang enggal. [dh]
“Roh Suci paring tekad lan kesagedan dhateng sedaya tiyang ingkang mbudidaya mujudaken gesang enggal”