Gusti Mesthi Ngancani! Pancaran Air Hidup 5 Mei 2022

5 May 2022

Waosan: Wahyu 5 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 145
Nats:
“Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi  Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah, … “ (Ayat 9).

“Pak …, kok dangu mboten katingal sesarengan ngabekti?”

“Nggih pak ndita, kula lagi nesu kaliyan Gusti! Lha pripun lho pak, kahanan ekonomi mboten karuan, tingkah-polahe anak mboten saged ditata, saben dinten rasane urip wus ora ana tentreme babar-pisan”

“Lha njenengan kepengene pripun pak?”

“Nggih, kedahe Gusti maringi cukup rejeki, sehat, anak saged ditata sing apik, urip tansah manggih tentrem, pokoke seneng pak.”

“Oalah, ngaten nggih pak … nyuwun sewu pak, nalika njenengan nandhang sakit, rejeki ngalami kekirangan, lajeng kahanan brayat punika mboten kadosdene ingkang dados klangenan, mboten tentrem miturut panjengengan, punapa ing bab ngaten punika, panjenengan mboten ngraosaken bilih Gusti rawuh ngancani panjenengan? Lan nangis sesarengan panjenengan, temah panjenengan ngraosaken bilih Gusti punika tansah wonten ing sadhengah kahanan.”

 Kahanan ingkang mekaten punika asring dipun panggihi ing pigesangan, kadosdene ing kitab Wahyu. Kacariosaken bilih wonten kahanan ringkih, sarwa winates lan ugi sampun mboten kagungan pangajeng-ajeng ing pigesangan, tamtunipun kahanan ingkang mekaten punika mbetahaken pitulungan. Ananging, nalika ingkang dados sumbering pitulungan ingkang dipun anti-anti punika rawuh, sanes singa ingkang gagah prakosa ingkang rawuh, ananging Sang cempe kang wus kapragat, ringkih lan mboten kagungan daya. Para manungsa nalika nampeni reribeting gesang, estu kagungan pangajeng-ajeng Gusti punika rawuh, kadosdene singa ingkang gagah prakosa lan ndadosaken sadaya prakawis gesang punika rampung lan beres. Ananging asring Gusti rawuh kaliyan alusing bebuden, kapirsanan ringkih lan mboten sami kaliyan klangenan.

Bab punika mboten ateges Gusti mboten saged rawuh kanthi kwasa ingkang paring pangluwaran, ananging nyinaoni kita bilih iman pancen mboten winates ing babagan kekiyatan, nanging linuwih ing bab sabar-manteb! Gusti punika ngancani para tiyang ingkang ngraosaken mangu-mangu, gagal, dhawah, ananging ing salebeting babagan kalawau tansah nresanani Gusti linangkung saking bab punapa kemawon. Para tiyang ingkang makaten punika ingkang saged ngraosaken Gusti kanthi sabar manteb ing salebeting iman. Amin. [gus].

“Pracayaa Gusti ora bakal tega.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak