Waosan: Yokanan 3 : 1 – 17 | Pamuji: KPJ. 87 : 1, 2
Nats: “Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.” (Ayat 16).
Wonten satunggal paribasan ingkang mekaten: “Dari buahnya, kita mengenal pohonnya.” Punika satunggaling paribasan ingkang nyumurupaken bab identitas. Nalika kita ningali wit-witan, dereng tamtu kita saged kanthi cetha bedhek aranipun wit punika. Ananging, nalika kita sampun manggihi wohipun ingkang gumantung ing pang-pangipun, kita saged kanthi cetha sumerep aranipun wit punika. Mokal tiyang methik woh anggur saking grumbulipun eri utawi woh anggur saking sesuketan.
Prastawa wonten ing perikop punika nedahaken bilih Gusti Yesus wawan rembag kaliyan Nikodhemus, salah setunggaling pangarsanipun tiyang Yahudi. Ing ngriku, Gusti Yesus mratela dhateng Nikodhemus bab rawuhipun Putranipun Manungsa sarta tujuanipun rawuh ing alam donya punika, inggih punika, “Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad…” (Ay. 16a). Sanadyan ta kathah manungsa ingkang boten tepang lan nampik rawuhipun Gusti, nanging Gusti Allah estu nresnani alam donya. Karana sih katresnanipun ingkang agung lan luhur, Gusti Allah kersa masrahaken Kang Putra ontang anting dhateng jagad. Punika sih katresnan lan pangurbanan ingkang saestu agung lan luhur sanget. Sih katresnan lan pangurbanan ingkang nglangkungi penggalihipun manungsa, boten saged kaukur lan kawales sacara kamanungsan kita ingkang winates.
Pramila, kita para umat kangunganipun sami kaajak supados sami budidaya wanuh dhumateng panebus kita, Gusti Yesus Kristus. Ing lelampahan kita budidaya wanuh dhumateng Juru Panebus punika, kita mesthi badhe manggih tantangan lan pacoban ing alam donya. Karana punika, kita kedah estu ngraosaken sih katresnanipun Sang Kristus ingkang sampun kasumurupaken, mawi Pangurbananipun ingkang mbirat sedaya dosa lan kaluputan kita. Sok sintena kemawon ingkang pitados dhumateng Sang Kristus, piyambakipun boten manggih karusakan, nanging manggih pigesangan langgeng. Sumangga, kita minangka pandherekipun Gusti Yesus tansah nuladha dhumateng Panjenenganipun sarta ngedalaken woh ingkang cundhuk kaliyan Wit minangka sumberipun, inggih punika Gusti Yesus Kristus. Amin. [mojo].
“Yesus Kristus Sang Pamarta, punika Asmane panutan kula”