Waosan : Para Rasul 10 : 23b – 33 | Pamuji : KPJ 357
Nats : “Sapunika kula sadaya sampun nglempak ing ngriki, wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, badhe mirengaken punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allah dhateng panjenengan.” [ayat 33b]
Kita mesthinipun gadhah tangga utawi tepangan ingkang benten agami kaliyan kita. Umpaminipun ingkang Muslim, Hindhu, Budha, utawi sanesipun. Kados pundi srawung kita kaliyan tiyang-tiyang benten iman kayakinan menika? Kados pundi raos pangraos lan pamawas kita tumrap tiyang utawi tanggi utawi tepangan ingkang benten agami kaliyan kita? Punapa kita sagah lan wantun srawung kanthi bingah kaliyan sintena kemawon ingkang benten iman kapitadosan kaliyan kita?
Rasul Simon Petrus kadhawuhan dening Gusti supados srawung kaliyan tiyang ingkang sanes Yahudi, inggih menika Kornelius. Kamangka, miturut tiyang Yahudi lan pamawasipun, tiyang sanes Yahudi menika najis lan kapir. Pramila tiyang Yahudi sirik srawung kaliyan tiyang ingkang sanes Yahudi. Ewasamanten, Rasul Petrus tetep mangkat nindakaken dhawuhipun Gusti menika tanpa raos ajrih dhateng masyarakat Yahudi. Petrus ugi boten ajrih dhateng Kornelius ingkang dados prajurit Rum. Petrus kedah lumampah saking Yope dhateng Kaisarea, nadyan tebih nggih tetep dipun lampahi. Wusananipun, Petrus pinanggih kaliyan Kornelius sabrayat agengipun. Kornelius ugi kadhawuhan dening malaekatipun Gusti supados pepanggihan kaliyan Rasul Petrus ingkang benten kayakinan lan dados mengsahipun Yahudi. Kornelius nindakaken dhawuhipun Gusti menika, nadyan dereng tepang kaliyan Rasul Petrus.
Dhawuh menika samangke ugi katujokaken dhateng kita supados kita lampahi. Kita kadhawuhan ugi supados srawung kaliyan tiyang ingkang benten agami, kaliyan tetanggi utawi tepangan ingkang benten iman kapitadosan kaliyan kita. Kita boten prelu ajrih dhateng tiyang utawi golongan ingkang benten agami. Pancen kita kedah nggadhahi iman ingkang bakuh ing Sang Kristus supados sampun ngantos katut agami sanes. Swalikipun, kita wantun atur paseksi dhateng tiyang agami sanes, kados dene Petrus lan Kornelius. [st]
“Srawung iku nyingkirake penthung.”