Katentreman Iku Larang Regane Pancaran Air Hidup 5 Juni 2025

5 June 2025

Waosan: Yesaya 32 : 11 – 17  |  Pamuji: KPJ. 190 : 1 – 3
Nats: “Ing ngendi ana kabeneran ing kono bakal ana tentrem rahayu, …”  (Ayat 17)

Gesang ing satengah-tengahipun kawontenan donya ingkang modern punika, sanes gesang ingkang gampil. Pancen leres sadaya saged dipun lampahi karana kemajenganipun teknologi. Rumiyin tiyang blanja kedah dhateng toko utawi warung supados angsal punapa ingkang dipun kajengaken, samangke tiyang saged pesen barang-barang punika ngginakaken HP. Rumiyin tiyang kedhah mlampah tebih kangge nglairaken raos kangenipun dhateng sanak sedherek utawi rencangipun, samangke tiyang saged kangen-kangenan namung ngangge video call HP. Ananging punapa gampilipun kawontenan kalawau saged sesambatan kaliyan raos tentreming manah ingkang dipun raosaken tiyang-tiyang samangke?

Ing kasunyatanipun, miturut Mental Health Foundation ingkang nindhakaken penelitian ing tahun 2018, tetela bilih kawontenan tiyang-tiyang ingkang gesang ing jaman modern punika langkung awrat ngraosaken katentreman katimbang tiyang-tiyang ingkang gesang ing jaman  sakderengipun. Bukti ingkang nyata ingkang saged kita panggihi ing pawartos-pawartos media digital ing jaman sakmangke kathah tiyang ingkang sami nekat, kanthi tega nindhakaken prekawis-prekawis ingkang sakderengipun dereng nate dipun tindhakaken dening limrahipun tiyang. Salah satunggaling dhasar ingkang ndadosaken tiyang awrat ngalami katentreman karana tiyang punika kecalan kautaman ing salebeting gesangipun: pundi ingkang kedah dipun cepeng minangka nilai hidup lan pundi ingkang kedah dipun tilar.

Yesaya 32:17 paring gegambaran dhateng kita, bab sumbering katentreman ingkang sejati. Waosan punika mratelakaken bilih, “Ing ngendi ana kabeneran ing kono bakal ana tentrem rahayu, mangka wahananing kabeneran iku kaayeman lan katentreman kanggo ing salawas-lawase.” Kabeneran ingkang dipun serat dening Yesaya punika nggadhahi teges kabeneranipun gesang ingkang miturut karsanipun Gusti kalebet angger-angger ingkang dipun paringaken. Katentreman ingkang tuwuh saking kabeneran punika benten kaliyan kawontenan raos bingah utawi remen kadosdene raosipun tiyang ingkang nembe angsal paweweh. Katentreman karana kabeneran punika langkung lebet lan mboten gampil kecuwan. Pramila mangga kita sami nggayuh katentreman ingkang sejati kalawau kanthi nindhakaken karsanipun Gusti lan gesang miturut angger-angger-Ipun. Amin. [YEP].

“Katentreman kang sejati namung saged dipun raosaken dening tiyang ingkang gesang ing salebeting kabeneran.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak