Tiyang Sepuh Ingkang Pasrah Dhumateng Sang Yehuwah Pancaran Air Hidup 5 Juli 2026

5 July 2026

Waosan: Mateus 11 : 16 – 19, 25 – 30  |  Pamuji: KPJ. 178a
Nats: “He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.” (Ayat 28)

Punapa panjenengan nate ningali ibu-ibu nyunggi wakul ngantos munjung ngangge sirahipun? Tamtu raosipun awrat sanget. Mekaten ugi gesang kita ing satengahing brayat. Kadangkala, kita minangka tiyang sepuh rumaos kawratan awit nggadah panggalih bilih nggulawenthah anak punika kados momotan ingkang kedah dipun pikul piyambak. Kita ugi asring ‘meksa’ anak-anak kita kedah manut pikajengan kita. Bilih anak-anak punika mboten manut, asring kita nesu ngantos kesupen bilih anak-anak punika butuh tuladha, butuh kabingahan, lan butuh katresnan ingkang tulus saking tiyang sepuhipun.

Gusti Yesus paring piwucal bilih karsanipun Gusti Allah punika dipun paringaken dhateng tiyang-tiyang ingkang alus lan lembah manahipun, kados lare alit. Punika paring pangertosan kangge kita, bilih nggulawenthah anak punika mboten cekap mawi kapinteran donya kemawon, nanging mawi dhasar iman pitados dhumateng Gusti Yesus. Gusti Yesus piyambak ngendika, “He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.” (Ay. 28). Tegesipun, Gusti Yesus karsa nulungi kita ingkang kawratan kangge njagi lan nggulawentah anak-anak kita. Anak punika peparing lan titipanipun Gusti, sanes kagungan kita piyambak, mila kedah kita didik kanthi sabar lan welas asih, kados dene Gusti Yesus anggenipun nresnani kita.

Wonten ing Pekan Anak GKJW punika, sumangga kita sami mbangun brayat kita dados brayat ingkang ramah kangge anak-anak kita. Kita sami nggulawentah anak-anak kita mboten mawi cara ingkang atos nanging mawi tuladha ingkang sae lan pandonga ingkang tulus. Upaya punika, kita wiwiti saking kesagahan kita minangka tiyang sepuh umarek dhumateng Gusti Allah. Kita pitados bilih Gusti Allah badhe paring kawicaksanan dhateng kita kangge nggulawentah anak-anak kita kanthi manah ingkang tulus. Panjenengan-Ipun karsa paring kakiyatan lan katentreman dhateng brayat kita. Mugi anak-anak kita saged tuwuh dados anak ingkang setya bekti dhumateng Gusti lan nresnani dhateng sesami. Awit ngrimati anak kanthi sae punika wujud panuwun kita dhumateng Gusti ingkang Maha Mirah. Amin. [Prist].

“Sagah nggulawentah kanthi pasrah dhumateng Gusti ingkang Maha Mirah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak