Waosan: Yeremia 18 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 435
Nats: “Lah kayadene lempung kang ana ing tangane si kundhi iku, mangkono uga sira ana ing astaningSun.” (Ayat 6b)
Kundhi punika tiyang ingkang pandamelanipun damel grabah. Grabah, kadamel saking siti lempung. Lempung kapilih, kapendet saking tegalan, dipun resiki saking rereget (oyot – kajeng – watu lan sanes sanesipun), dipun jur, dipun uleni ngantos kalis, lajeng dipun wangun dados grabah teles. Manawi grabah teles punika benthet utawi risak, grabah teles punika dipun jur malih lan kawangun dados grabah ingkang enggal. Sasampunipun punika lajeng dipun pepe lan dipun obong. Manawi sasampunipun kaobong taksih wonten grabah ingkang risak, grabah punika dipun jur lan kabucal. Sae lan botenipun grabah punika, boten namung gumantung kaliyan bahanipun kemawon, nanging ugi gumantung kaliyan lampahing proses saking wiwitan ngantos pungkasaning grabah punika.
Mekaten ugi kawontenan kita. Kita punika namung lempung. Supados saged migunani, lempung punika kedah kaolah, kabentuk, lan kaproses rumiyin. Kita kapiji, kapendet saking alam donya punika, kaparingan Roh Suci lan sabda pangandika, karesiki saking sadaya panguwaosipun dosa. Kita kabentuk dados putranipun Gusti. Kadang kita kedah kawangun wongsal-wangsul supados saged dados grabah ingkang sae. Dipun proses, kapepe, kaobong wonten ing pigesangan punika. Manawi ing pigesangan, kita purun mratobat saking sadaya dosa kalepatan kita, kita badhe nampi karaharjan. Paukuman ingkang kedahipun kadawahaken dhateng kita kacabut. Kagantos berkah katentreman, kawilujengan, lan lumebet kraton swarga. Kosokwangsulipun manawi salebeting gesang, kita boten purun mratobat lan malah nglampahi piawon, kita badhe tampi bebendu. Berkah lan kaslametan ingkang sampun kajanjekaken kacabut, kagantos paukuman, kabucal dhateng luwenging naraka (Ay. 8-10).
Gusti Allah punika Kundhi. Kagungan purba wasesa mangun gesang kita, lan ngadili kita, ugi namtokaken berkah utawi ukuman. Kita kedah sadar bilih sadaya punika boten namung gumantung kawicaksananipun Gusti Allah, nanging ugi gumantung kita. Sae lan botenipun kwalitas iman kita, gumantung sae lan botenipun proses ingkang kita lampahi. Pramila saking punika, mumpung kita taksih dados grabah teles, kanthi tekad lan niat ingkang ageng, saha manah ingkang tulus, sumangga kita lampahi proses punika kanthi sabar. Enggal mratobat, celak dhumateng Gusti, tansah maos sabda pangandikanipun Gusti, saha nglampahi gesang kanthi sae. Sarana mekaten kita saged dados putra-putrinipun Allah ingkang layak nampeni berkah lan kawilujengan swarga mulya. Amin. [SW].
“Nyawisna papan mring Gusti aneng sajroning ati!.” (KPJ. 435)