Lumampah Kanthi Mantep Pancaran Air Hidup 5 Januari 2023

5 January 2023

Waosan: Yusak 1 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 437 : 1
Nats:Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparan-paranira.” (Ayat 9).

Kita tansah saos sokur dhumateng Gusti, dene sedaya prastawa ing taun 2022 saged kita tutup kanthi lerem lan kita taksih kaparingan wekdal kangge bukani lembaran enggal ing taun 2023. Tamtunipun ing taun enggal punika, kita badhe manggih maneka warni dinamika pigesangan, ing pundi kala-kala saged jalari raos sumelang saha mangu-mangu. Sebabipun wonten kalih prekawis: sepisan, karana kita dereng mangertosi kanthi estu punapa ingkang badhe kelampahan ing ngajeng. Kaping kalihipun, karana kita sampun mangertosi utawi saged manggihi gegambaran punapa ingkang badhe kelampahan ing ngajeng. Nalika manah kita ngraosaken kahanan ingkang mekaten, kita boten saged lumampah piyambak. Kita betahakan “pitulungan” ingkang kuwagang ngantebi manah kita. Pitulungan ingkang dunungaken bilih samubarang ingkang lumampah badhe sae kewontenanipun. Pitulungan ingkang saged nuntun kita nglampahi punapa ingkang badhe kita ayahi, inggih punika pitulungan saking Gusti Allah.

Sasampunipun bangsa Israel katilar dening Musa, Gusti Allah miji Senopati Yusak dados gantosipun Musa. Yusak kaparingan tugas kangge mimpin lan nuntun bangsa Israel lumebet ing tlatah Kanaan. Cacahipun bangsa Israel nalika kapimpin dening Yusak antawis 601.730 jiwa (dereng kaetang ingkang sepuh, estri lan lare alit). Tamtunipun punika sanes ayahan ingkang gampil kanggenipun Yusak. Punapa malih, nalika taksih dados abdinipun Musa, Yusak estu mangertos bilih bangsa Israel nggadhahi sifat ingkang wangkot. Pramila, Gusti Allah dhawuh dhateng Yusak, “disantosa lan diteguh atimu.” Tembung ingkang estu dayani, ngantos dipun ambali dening Gusti Allah dados pangenget ing lelampahanipun bangsa Isarel tumuju dhateng tlatah prajanjian.

Anggen kita nglampahi pigesangan, punapa malih lumebet ing warsa enggal 2023 peparingipun Gusti Allah punika, tamtu badhe wonten maneka warni dinamika pigesangan ingkang boten saged kita prediksi. Supados kita boten sumelang lan mangu-mangu, sumangga kita ngantepi manah kita mawi dhawuhipun Gusti dhateng senopati Yusak, “disantosa lan diteguh.” Dene Gusti Allah tansah ngreksa dhateng kita, linangkung saking punika Panjenenganipun tan badhe negakaken kita umat-Ipun ing samubarang prekawis, awit lelampahan gesang kita tansah manteb ing sih-pangayomanipun Gusti Allah. Amin. [mojo].

“Nalika Gusti nganthi, jalari tentrem ing ati.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak