Rukun Renungan Harian 5 Januari 2021

5 January 2021

Bacaan : Lukas 6 : 27 – 31 | Pujian : KPJ. 368:1
Nats:
“Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe padha becikana” (Ay. 27)

Iba endahipun nalika pigesangan ing alam donya punika saged rukun. Kanthi rukun, manungsa saged mangun gesang gotong royong lan tulung-tinulung tumrap sesaminipun. Gesang punika karaos entheng awit satunggal lan sanesipun sami biyantu. Pramila wonten unen-unen ingkang swantenipun mekaten: “Memayu Hayuning Bawana”. Artosipun gesang kita boten namung mranata bab manungsa ingkang ngrimati alam awujud tetuwuhan lan kewan kemawon, nanging kita ugi mranata sesambetan kaliyan sesami manungsa. Tujuanipun inggih punika gesang ingkang rukun, harmonis lan kebak ing tentrem rahayu kalandesan katresnan.

Wonten ing waosan kita, Gusti Yesus dhawuh dhumateng para sakabat bab Katresnan. Bab katresnan ingkang dados piwucalipun sacara umum inggih punika: “Sira tresnanana marang sapepadanira lan sengita marang mungsuhira!” (bnd. Mat. 5:43), nanging ing ngriki Gusti Yesus mucal bab katresnan ingkang benten, boten namung nresnani sapepadha nanging ugi nresnani mungsuh! Kenging punapa mungsuh kedah dipun tresnani? Awit nalika tumindak awon dipun wales kaliyan tumindak awon mesthi njalari crah lan sengit dhateng sesami. Kawontenan ingkang mekaten, ngrisak harmoni ing alam donya; dadosaken perang kaliyan sesami. Pramila Gusti Yesus paring dhawuh, “Padha tresnaa marang mungsuhmu”, awit tumindak ala namung saged kawon kaliyan katresnan. Gusti Yesus ngersakake katresnan punika tuwuh ing batos, sarta mawujud ing sikap lan tumindak kita (ay. 28-31). Gusti Yesus dados tuladha ingkang sejati, nalika ing margi salib Gusti Yesus ngalami kasangsaran; dipun poyoki, dipun idoni, dipun sika kaliyan tiyang sanes, nanging Gusti Yesus boten bales, Panjenenganipun paring pangapura lan ndongakaken sok sintena ingkang nglarani lan nyiksa.

Nresnani mungsuh bab mokal? Sacara kamanungsan bok bilih leres, ananging kita sami pirsa bilih Gusti kita Yesus Kristus sampun paring tuladha sacara nyata kangge kita sami bilih nresnani mungsuh punika sanes bab mokal. Awit katentreman saged kagayuh nalika kita nresnani sesami, ugi mungsuh kita. Awrat? Pancen, nanging kita taksih kaparingan wekdal kangge nindakaken kanthi alon-alon lan tlaten, awit kita pitados, kita badhe manggihaken tentrem rahayu ing alam donya wujud anggen kita tansah dipun kanthi dening Gusti Yesus! (mojo).

 “Memayu Hayuning Bawana, Ambrasta Dur Hangkara, Kanthi Tresna.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak