Nresnani Sedaya Titahipun Gusti Pancaran Air Hidup 5 Februari 2024

5 February 2024

Waosan: 2 Para Raja 4 : 8 – 17; 32 – 27 | Pamuji: KPJ. 385 : 1
Nats: “Bocahe tumuli wahing nganti ping pitu, banjur melek.” (Ayat 35b)

Natalia Popova punika tiyang estri saking Ukraina ingkang purun nulungi saha ngopeni kewan liar lan kewan ingon-ingonan ingkang dipun tilar dening sang tuan nalika perang ing Ukraina Rusia. Piyambakipun sampun nulungi 300 kewan. 167 kewan sampun wonten ing shelter kewan ingkang aman lan dumugi ing dinten punika taksih wonten 133 kewan ingkang dipun openi kanthi tulus ing griyanipun. Popova kagungan kayakinan bilih para kewan punika titahipun Gusti ingkang layak nampi gesang lan kedah dipun tresnani. Punapa ingkang dipun tindakaken dening Popova punika dados bukti nyata katresnanipun Popova tumrap para kewan ingkang dados titahipun Gusti punika.

Waosan ing dinten punika ugi mratelakaken Nabi Elisa ingkang mujudaken katresnan tumrap manungsa ingkang dados titahipun Gusti. Kacariosaken nalika Nabi Elisa tindak dhateng desa Sunem, piyambakipun dipun tampi lan dipun ladosi kanthi sae kaliyan tiyang estri ing desa punika. Wujud saos sokur tumrap ingkang sampun dipun tampi, Nabi Elisa ngandika bilih tiyang estri punika badhe nampi putra. Nalika putranipun sampun dewasa, dumadakan tilar donya. Tiyang estri Sunem kalawau lajeng murugi nabi Elisa ing Gunung Karmel lan nyuwun pitulungan dhateng nabi Elisa. Nabi Elisa lajeng tindak ing griyanipun lan ngupadi supados putranipun kalawau saged gesang malih. Kawiwitan ndedonga dhateng Sang Yehuwah, lajeng bocah kalawau dirungkebi lan badanipun dados anget, lajeng wahing ping pitu lan saged gesang malih. Sedaya punika dipun tindakaken Nabi Elisa awit ageng sanget katresnanipun kaliyan tiyang estri lan putranipun ing desa Sunem punika.

Nabi Elisa lan Natalia Popova sampun paring tuladha dhateng kita supados saged nresnani, njagi lan ngupadi kasaenan saha kasarasan tumrap sedaya titahipun Gusti. Gusti Allah sampun nitahaken kewan, wit-witan, mekaten ugi manungsa kanthi sae. Kita kagungan timbalan supados saged njagi lan ngrimati sedaya titah punika supados saged gesang sesarengan kanthi tentrem rahayu. Pramila ing wulan tumitahing jagad punika, sumangga kita nyadari lestarining alam lingkungan punika dados tanggel jawab kita sami. Kasedyan kita kangge ngrimati lan mulihaken kahanan lingkungan kita ingkang risak punika dados wujud kepedulian kita tumrap sedaya titahipun Gusti. Sumangga kita sami setya ngupaya kasaenan alam lingkungan lan sedaya titahipun Gusti. Amin. [GW].

“Nresnani titahipun Gusti ateges nresnani ingkang nitahaken.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak