Ngandelaken Gusti Pancaran Air Hidup 5 Desember 2025

5 December 2025

Waosan: Yesaya 30 : 19 – 26  |  Pamuji: KPJ. 111
Nats: “He bangsa ing Sion kang manggon ing Yerusalem, lah kowe ora bakal terus nangis. Pangeran mesthi bakal paring kawelasan marang kowe, samangsa kowe sesambat; ing wektu mireng jeritmu, Panjenengane bakal paring wangsulan.” (Ayat 19)

Wonten setunggal lare SMP badhe bidhal sekolah, mlampah piyambak. Jarakipun sekolah saking griya lumayan celak,  namung 10 menit. Saking griya, tiyang sepuhipun maringi payung ingkang dipun lebetaken tas lare wau, amargi langit sampun ketingal mendung. Taksih nembe 5 menit mlampah saking griya, grimis lajeng dhawah. Nanging lare kalawau mboten purun enggal mbikak tas lan ndamel payungipun. Alesanipun amargi rumaos dereng pati deres jawahipun lan sekolahipun sampun celak. Wusananipun lare kalawau dugi sekolahan kanthi seragam ingkang teles kebles, amargi mboten purun ndamel payung ingkang dipun cawisaken tiyang sepuhipun.

Waosan kita saking Yesaya 30 paring catetan bilih bangsa Israel punika, langkung ngandelaken kakiyatanipun piyambak lan bangsa Mesir, tinimbang ngandelaken Gusti Allah. Mila nabi Yesaya ngemutaken bangsa Israel, tumrap sadaya paukuman ingkang badhe katampi, bilih bangsa Israel nerusaken lampahipun lan mbalela dhumateng Gusti. Nanging Gusti Allah badhe paring sih palimirma bilih bangsa Israel pasrah lan ngandelaken Gusti Allah malih. Gusti Allah badhe paring sih piwelas lan panganthi (Ay. 19-20). Gusti  Allah badhe paring berkah ingkang lumuber ing sadengah karibedan gesang (Ay. 21-26). Gusti Allah badhe makarya ing satengah-tengahing paperangan, matemah bangsa Asyur bakal kawon lan dipun paringi paukuman (Ay. 27-30). Wonten janji pamulihan kangge bangsa Israel, bilih saestu gumantung dhumateng Gusti Allah.

Ilustrasi ing waosan kita dinten punika, sejatosipun saged nggambaraken gesang kita ing ngarsanipun Gusti. Gusti asring sanget sampun nganthi lan paring pitedah dhumateng gesang kita, nanging kita punika malah ngandelaken dhiri kita piyambak utawi tiyang sanes, tinimbang ngandelaken Gusti. Wusananipun, kita malah “teles kebles” lan kesrimpet piyambak, kaliyan sadaya karibedan gesang, amargi mboten enggal-enggal ngandelaken Gusti. Mila sumangga kita saestu dados umat kagungan-Ipun ingkang pasrah lan ngandelaken Gusti. Mangga kita sami pitados bilih tuntunan, kawicaksanan, lan berkahipun Gusti punika, saestu kita betahaken ing gesang padintenan. Amin. [YAH].

“Namung Gusti Allah ingkang dados sumbering kakiyatan lan pitulungan gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak