Kaum kang Mangu-Mangu Ngadepi Gelombang Pancaran Air Hidup 5 Desember 2022

5 December 2022

Waosan: Yesaya 24 : 1 – 16 | Pamuji: KPJ. 341
Nats: “Bumi dadi najis marga saka kang ngenggoni, amarga padha nglanggar angger-angger, ngowahi katetepan lan nyelaki prajanjian kang langgeng.” (Ayat 5)

Wonten satunggiling geguritan ingkang kaserat dening Taufik Ismail ing swasana perjuangan kanthi irah-irahan “Memang Selalu Demikian, Hadi”. Geguritan punika kados mekaten:

Setiap perjuangan selalu melahirkan sejumlah pengkhianat dan para penjilat.
Jangan kau gusar, Hadi.
Setiap perjuangan selalu menghadapkan kita pada kaum yang bimbang menghadapi gelombang.
Jangan kau kecewa, Hadi.
Setiap perjuangan yang akan menang selalu mendatangkan pahlawan jadi-jadian dan para jagoan kesiangan.
Memang demikianlah halnya, Hadi.

Geguritan punika ngemu suraos bilih sadaya perjuangan tansah manggihi pacoben, alangan, ugi masalah. Ing geguritan punika kagambaraken kanthi prastawa pengkhianatan amargi raos bimbang saking tiyang ingkang ngutamakaken kapentinganipun dhiri sarta pemanggihipun pribadi.

Waosan kita ing dinten punika paring cariyos bab perjuangan. Inggih punika perjuanganipun Bangsa Yehuda kangge ngabdi dhateng Sang Yehuwah kanthi setya ing maneka-werna kahanan. Nanging nalika ngadhepi kahanan ingkang awrat, bangsa Yehuda punika kesupen dening “prajanjian langgeng” ingkang kawangun kaliyan Sang Yehuwah. Bangsa Yehuda nerak angger-angger sarta katetepanipun Sang Yehuwah lan pados pitulungan dhateng Bangsa Asyur. Pengkhianatan bangsa Yehuda tumrap prajanjian langgeng punika dipun jalari raos bimbang lan ajrih. Bangsa Yehuda punika dados “kaum ingkang bimbang ngadepi gelombang.” Ing pungkasanipun, bangsa Yehuda ugi bangsa Asyur nampi paukuman saking Sang Yehuwah.

Ing salebeting perjuangan punika, kita asring manggihi pacoben, alangan, masalah ingkang ndadosaken manah kita rumaos ajrih, was sumelang, ugi bimbang kadosdene bangsa Yehuda. Sanajan kathah tawaran ingkang katingalipun langkung sae lan gampil, sumangga kita namung nyadong pitulungan dhumeteng Gusti Allah kemawon. Kita tansah mbudidaya miturut angger-angger ingkang katetepaken dening Gusti. Awit kita punika para pandherekipun Gusti ingkang setya sanes “kaum ing bimbang ngadepi gelombang”. Sumangga kita tansah berjuang ing margining Gusti sarta mboten ngutamikaken pemanggih, pepinginan, sarta kapentingan kita pribadi. Amin. [xie].

“Samangsa prahara nempuh, iman kudu kukuh!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak