Waosan : Jabur 85 : 2 – 14 | Pamuji : KPJ. 118
Nats: “Satemene pitulungane Pangeran marang wong kang nyaosi pangabekti kuwi cepak, supaya tanah kita kaparingan kabegjan saka ngarsane.” (Ay. 10)
Ing satengahing pigesangan, mesti wonten kemawon tiyang ingkang dipun tresnani kanthi sanget. Tiyang punika saged semah, anak, putu, tiyang sepuh, sedherek utawi sahabat. Tamtu karana katresnan punika kita boten purun ningali tiyang ingkang kita tresnani ngadepi karibedan lan kasisahan. Tansah ngupaya mbiyantu gesangipun supados tansah kecekapan lan wilujeng. Ananging wonten kemawon tiyang ingkang boten mangertos lan sadar bilih piyambakipun dipun tresnani kanthi sanget. Prekawis punika tamtu dadosaken manah rumaos kuciwa lan nelangsa.
Gesang kebak karahayon punika ingkang dados pangajeng-ajengipun juru Mazmur. Gesang kebak sih rahmatipun Gusti Allah ingkang tansah dipun suwun. Sedaya punika tebih saking kasunyatan bilih Gusti Allah boten paring pangapunten dhumateng umatipun ingkang kebak dosa. Manungsa asring mbalelo, luwar saking karsanipun Gusti Allah, boten sadar bilih sampun dipun berkahi gesangipun. Karana punika juru Mazmur nyuwun supados Gusti Allah boten paring duka dhumateng umatipun. Juru Masmur nggadahi pengertosan ing pundi kemawon papan kita nglampahi gesang, kita badhe nampi kabegjan nalika kita nresnani Gusti Allah. Gesang tentrem rahayu saestu saged kasembadan bilih umat purun midangetaken punapa ingkang dipun kersakaken Gusti Allah. Umat dipun kanthi lampahipun supados gesang boten mblasar lan tansah ngener ing margi ingkang leres. Dakrungokaké apa kang dadi pangandikané Pangéran, Panjenengané prejanji maringi tentrem-rahayu marang kita, umat kagungané, lan marang wong kang padha dikasihi, supaya aja padha bali kesasar menèh. (ayat 9).
Nyaosi pangabekti ingkang kebak sih kasetyan punika ingkang dipun suwun Gusti Allah satengahing gesang kita. Kasetyan minangka tanda sih katresnan dhumateng Gusti. Nalika kita boten setya tuhu dhumateng Gusti Allah, samubarang ingkang becik boten badhe kita tampi. Sih kasetyan punika ndadosaken kita tansah sesarangen kaliyan Gusti Allah ing salaminipun gesang wonten alam donya ngantos ing alam langgeng. Tetepa setya marang Aku, senajan nganti tumeka ing pati; temahan kowé bakal Dakganjar urip sejati kang asipat langgeng, minangka makuthaning kauripan/kemenanganmu (bdk Wahyu 2:10). (RM)
“Lah iki begjaku yen Gusti duwekku”