Pangreksaning Gusti Pancaran Air Hidup 5 Agustus 2026

5 August 2026

Waosan: Pangentasan 16 : 2 – 15, 31 – 35  |  Pamuji: KPJ. 189
Nats: “Bareng wong Israel weruh banjur padha takon-takonan: “Apa iku?” Marga padha ora sumurup iku apa? Nabi Musa tumuli ngandika: “Iya iku roti peparinge Pangeran Yehuwah minangka panganmu.” (Ayat 15)

Wonten salebeting lampah gesang kita, asring kita ngalami mangsa kados wonten ing ara-ara samun, mangsa ingkang sarwa winates, mboten pasti, lan kebak pepalang. Nalika kahanan gesang, kita raosaken saya awrat kados bab ekonomi brayat, pendidikan kangge anak-anak, tanggel jawab peladosan, ing manah kita wonten pitakenan, “Punapa Gusti Allah taksih mirsani lan gatosaken kita?” Kados tiyang mbangun griya ingkang ketingalipun pelan awit kakirangan sarana lan arta, mekaten ugi iman kita saged guncang nalika kahanan gesang kita sarwa winates malah kekirangan.

Pangentasan 16 punika nyariosaken bangsa Israel ingkang sami nggrundel nalika wonten ing ara-ara samun. Manahipun kelingan nalika taksih wonten ing Mesir. Bangsa Israel ajrih ngadhepi mangsa ngajeng ingkang mboten pasti. Lumantar nabi Musa, Gusti Allah prajanji mboten badhe nilar umat-Ipun. Panjenenganipun karsa paring tetedhan arupi Manna lan Manuk Puyuh minangka tandha pangrimatan-Ipun. Manna punika dipun paringaken Gusti Allah saben dinten kangge nyekapi kabetahanipun bangsa Israel. Lumantar Manna punika, Gusti Allah didik bangsa Israel supados tansah pitados Gusti, manut dhawuh-Ipun, sarta pasrah dhumateng Panjenenganipun.

Ing konteks gesang padintenan lan sasi Pambangunan GKJW punika, sabdanipun Gusti dinten punika ngengetaken kita bilih Gusti Allah makarya salebeting gesang kita lan GKJW. Mboten lumantar asil ingkang ageng, nanging lumantar kasetyan ing proses alit nanging ajeg. Ing sasi Pambangunan GKJW punika, kita dipun ajak sinau saking bangsa Israel. Lumantar Manna, kita sinau mbangun kapitadosan lan pasrah dhumateng pangreksaning Gusti Allah. Mbangun pasamuwan punika mboten namung babagan mbangun gedhong utawi program kemawon, nanging ingkang langkung utami inggih punika mbangun iman dhumateng Gusti, purun ngabdi, lan setya ing prekawis alit. Nalika kita ngraosaken sayah, winates, lan badhe nyerah, Gusti ngendika, “Cukupa Manna kangge dina iki!” Mangga kita pitados bilih Gusti Allah setya nuntun lampah kita lan ngiyataken kita kangge ngadepi sadaya prekawis ing gesang punika. Amin. [Prist].

Kasetyaning Gusti tansah cekap kangge tiyang ingkang pracaya lan lumampah saben dinten kanthi setya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak