Waosan : Kohelet 2 : 1 – 17 | Pamuji : KPJ. 188
Nats: “Mripate wong kang kadunungan kawicaksanan iku dumunung ana ing sirahe, dene wong bodho iku lumaku ana ing pepeteng, nanging aku uga sumurup manawa loro-lorone ngalami nasib kang padha.” (ayat 14)
Boten sekedhik tiyang ingkang sampun mulya gesangipun srana bandha donya lan kapinteranipun lajeng menggok dados pendhita, kalebet dados pendhita GKJW. Awit srana makaten piyambakipun saged fokus mbangun jiwa pribadi lan jiwaning umatipun Gusti supados saged dados berkah.
Sang juru kotbah menika mengevaluasi (nguji) sadaya ingkang sampun dipun alami lan dipun lampahi. Panjenenganipun nate ngalami kagungan samukawis ingkang dados kasenenganipun: nglempakaken emas lan slaka, mbangun griya kathah, kagungan batur kathah, nanemi kebon-kebon anggur, ndamel taman-taman endah, kagungan semah lan selir ingkang kathah, kagungan kamulyan minangka raja, lsp. Panjenenganipun tansah bingah-bingah lan gumujeng saben dinten. Kanthi kapinteran lan kawicaksanan panjenenganipun saged nindakaken menapa kemawon ingkang dipun remeni. Jebul miturut hasil evaluasi ingkang dipun tindakaken, sadaya menika tanpa gina. Karana, panjenenganipun boten mbangun diri supados dados berkah tumrap titah sanes. Samukawis dipun upayakaken lan dipun tindakaken namung kagem kasenenganipun piyambak. Panjenenganipun rumaos bilih sadayanipun punika tanpa gina, karana panjenenganipun badhe ngalami nasib ingkang sami kaliyan tiyang bodho, kekalihipun badhe pejah boten mbekta punapa-punapa.
Evaluasi diri ingkang dipun tindakaken dening juru kotbah menika memulang kita bilih ingkang kalangkung wigatos inggih punika mbangun dhiri supados saged dados berkah tumrap titah sanes. Raja brana, kamulyan lan kasenengan menika boten langgeng, dene kasaenan menika langgeng sipatipun.
Pramila saking punika, menawi kita nggadhahi kapinteran lan kawicaksana saha kabingahan, sumangga kita mbangun jiwa lan iman sarta karohanen kita. Menawi kita pinaringan raja brana, sumangga kita andum berkah tumrap sadaya titahipun Gusti. Sampun ngantos raja brana, kapinteran, kawicaksanan lan tumindak kita dados tanpa gina! [st]
“Wong kang tuhu wicaksana mesthi ngudi bisaa dadi berkah.”