Kapiji Lajeng Nindakaken Renungan Harian 4 Agustus 2018

4 August 2018

Waosan: Pangentasan 3:3-10  | Pujian: KPJ.116
Nats:
“Ingsun iki Allahe leluhurira, Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub! “ (ay.5)

“Punapa sampeyan putranipun pak A, priyantun alus lan wicaksana ingkang ngasta Guru saking Desa Pringgondani?”  Makaten pitakenan ingkang asring kita prangguli. Pitakenan menika nedahaken bilih tiyang saged dipunkenal dening tiyang kathah sanes saking asma lan kasagedanipun, ananging karana nenek moyang utawi tiyang sepuhipun.

Mekaten ugi Musa ingkang dipun timbali dening Gusti Allah wonten “grumbul eri murub”. Musa kapiji dening Gusti Allah amargi Musa putra turunipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub. Pitakenanipun, Kenging menapa ingkang kapiji dening Gusti Allah punika kedah putra turunipun Abraham lan Yakub? Punapa boten wonten tiyang sanes?? Sepisan, Gusti Allah punika netepi prajanjian kaliyan rama Abraham, awit Iman-kapitadosanipun Abraham punika ingkang ndadosaken putra turunipun Abraham -kalebet Musa-  punika ugi dados ‘umat pilihan’ipun Gusti Allah (ay. 6).  Kaping kalih, Musa kapiji dening Gusti Allah amargi Gusti Allah piyambak ingkang kersa ngentasaken sangsaranipun umat Israel saking tanah Mesir (ay.7 ). Punika ingkang kalampahan nalika semanten.

Jaman sakmangke, pancen sae menawi kita saged tepang lan sumerep brayat sadherek kita. Ananging pakaryanipun Gusti Allah samangke boten nengenaken bab keturunan: sinten tiyang sepuhipun, sinten simbahipun. Sedaya pakaryanipun Gusti punika saged dipun lampahi dening sinten kemawon ingkang nggadhahi ‘kasagedan’ lan purun ‘nindakaken’ tugas lan tanggel jawab kanthi saestu dhumateng Gusti. Gusti Allah mesthi pirsa sinten umat kagunganipun ingkang tansah setya nindakaken dhawuh Pangandikanipun, mboten  gumantung sae botenipun tiyangsepuhipun. Kapiji dening Gusti lan nindakaken pangandikanipun Gusti punika keputusan pribadi ingkang saestu, dipun lampahi kanthi sadar lan tanggel jawab! Punika ingkang dipun tuladhani putra turun kita benjing. Amin (BK)

“Tansah sadhar lan tanggel jawab nindakaken Karsanipun Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak