Toto Chan Renungan Harian 31 Oktober 2018

31 October 2018

Waosan : Yeremia 33 : 1-11 I Pamuji : KPK. 295
Nats: “..bakal keprungu maneh sabawaning kabungahan lan sukarena…” [ayat 11]

Totto-Chan punika judul buku ingkang nyariosaken lare estri ing negari Jepang ing kitha Tomoe watawis tahun 1940-an. Totto-Chan menika lare ingkang tansah gadhah pepenginan kangge mangertosi samubarang prakawis. Ing sekolahipun, Totto-Chan kagulawentah sageda nresnani lan ngurmati sesaminipun. Wonten cariyos ing buku Totto-Chan nalika piyambakipun dipun ajak dening kepala sekolah tetuwi dhateng para prajurit Jepang ingkang nandhang sakit amargi perang. Ing mangsa perang, taksih wonten pambudidaya kangge nengenaken piwucal bab kamanungsan.

Nalika Totto-Chan sampun diwasa (asma aslinipun Tetsuko Kuroyanagi), piyambakipun dados utusan PBB (Perserikatan Bangsa Bangsa) kangge paring pambiyantu dhateng negari-negari ing Afrika ingkang saweg kacingkrangan. Cariyos jangkep saged kita waos saking buku kanthi jejer “Toto-Chan, Gadis Cilik di Jendela” lan “Anak-anak Totto-Chan, Perjalanan Kemanusiaan untuk Anak-Anak Dunia”.

Waosan dinten punika nyariosaken Yeremia ingkang dhawuh bab pangajeng-ajeng kangge gesangipun Israel ingkang sae. Miturut Yeremia, prasetyanipun Gusti Allah ingkang badhe ngewahi kawontenan Israel supados saged ngraosaken malih kabungahan lan sukarena. Nanging tamtunipun Israel kedah ugi nindakaken kasetyan lan            nindakaken pakaryan kapitadosan.

Dinten-dinten punika, kathah cariyos bab patrap gesang manungsa ingkang boten urmat dhateng sesaminipun. Malah wonten pamanggih bilih nyawanipun manungsa sampun boten wonten reginipun. Lajeng punapa ingkang saged kita lampahi ing kahanan punika ? Kita kedah saged nuwuhaken ewah-ewahanipun. Kita wiwiti kanthi panggulawentah dhateng lare alit ingkang wonten ing sak kiwa tengen kita. Mujudaken ewah-ewahan saged kawiwitan saking panggulawentah dhateng anak-anak supados saged miji pundi ingkang sae lan migunani.

Ing Pekan Pemuda menika mugi para nem-neman sageda kados dene Kepala Sekolah ing Tomoe punika ingkang purun nggulawenthah para lare alit ing sakiwa tengenipun supados saged nuwuhaken raos urmat dhateng sesami. Para tiyang sepuh ugi sageda nggulawenthah putra-putrinipun kados Totto-Chan kala wau. Punika saged dados pambudidaya kangge nglawan sipating manungsa ingkang sangsaya egois ing dinten-dinten sakpunika. [WdK]

“Para mudha dadosa jejering ewah-ewahan tumuju kemajengan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak