Waosan: Jabur 20 : 1 – 10 │ Pujian: KPJ. 124 : 1, 2, 3
Nats: “Mugi panjenengan dalem pinaringan punapa ingkang kakarsakaken, sarta mugi sageda kalampahan punapa ingkang panjenengan dalem rancang.” (Ayat 5)
Salah setunggaling kakiyatan manungsa kangge gesang inggih punika pangajeng-ajeng. Srana pangajeng-ajeng manungsa saged tahan ngadepi kasangsaran lan momotan gesang. Srana pangajeng-ajeng, kita boten badhe semplah anggenipun makarya lan nindakaken pandamelan kita. Srana pangajeng-ajeng, tiyang ingkang sakit saged saras, anak-anak ingkang rekaos anggenipun sinau saged lulus sekolahipun kanthi sae. Taun 2022 sekedap malih badhe kita tutup, kados pundi kaliyan gesang lan pakaryan kita ing taun punika? Punapa sampun kalaksanan kanthi sae miturut pangajeng-ajeng kita, punapa dereng?
Waosan kita ing dinten punika nyariosaken kesaksianipun Sang Juru Mazmur ingkang kagungan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti Allah. Prabu Dawud ngajeng-ajeng supados Gusti Allah Sang Yehuwah kersa paring pitulungan ing wekdal karibedan (Ay. 2). Sang Yehuwah kersa nyantosaaken gesangipun (Ay. 3). Gusti Allah kersa ngengeti sakathahing sesaosan kurban lan nampeni kurban punika (Ay. 4). Boten namung ngaturaken pangajeng-ajengipun dhumateng Gusti Allah kemawon, Prabu Dawud ugi ngakeni bilih Gusti Allah Sang Yehuwah punika maha kuwaos. Panjenenganipun ingkang paring kamenangan bangsa Israel nalika perang nglawan bangsa sanes.
Mungkasi taun 2022 punika kita dipun ajak sami nliti priksa gesang kita piyambak-piyambak. Sepinten agenging pangajeng-ajeng kita dhumateng Gusti? Sepinten anggen kita netepi pangandika lan karsa-Nipun? Menawi ing taun punika, rancangan kita dereng saged kalaksanan, pakaryan kita dereng saged kasil sae, sampun ngantos kita semplah lan gresula. Mangga kita tetep mangun pangajeng-ajeng enggal bilih gesang kita ing taun ngajeng langkung sae lan endah ing rancanganipun Gusti. Kados Prabu Dawud ingkang gesang srana pangajeng-ajeng, sumangga kita pungkasi taun punika kanthi iman pitados bilih Gusti badhe mberkahi, nunggil lan ngayomi lampah gesang kita ing taun ngajeng. Pramila sampun ngantos kita kecalan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti, nanging mangga sangsaya ngandelaken lan pitados dhumateng Gusti. Gusti mberkahi dhateng kita sami. Amin. [AR].
“Gesang ing Gusti Yesus punika gesang ingkang kebak ing pengajeng-ajeng lan kabingahan.”