Waosan : Lukas 2 : 41 – 52 | Pamuji: KPJ 65 : 1 – 3
Nats: “Rama – Ibune padha ora nyandak marang apa kang dipangandikakake iku.“ [ayat 50]
Ing sawijing dinten, kulo dolan dhateng dusun kelairan, sesarengan kaliyan para sadherek, ingkang ugi saking papan sanes. Satunggaling sadherek gemrenggeng tetembangan langgam jawa caping gunung, lajeng gugur gunung ugi sawetawis jula-juli Suroboyoan. Tingkah polah punika ngemutaken kula dhateng jaman nalika taksih jejaka lancir. Nalika gesang ing dusun, menawi wonten pasugatan ludruk kanthi sigrak kula ningali sesarengan kanca nem-neman. Wekdal kados punika dados sarana sesrawungan ing jaman kala-semanten; remen ing manah lan dadosaken ayeming jiwa. Ananging kareman punika asring pikantuk wadanan ingkang ala. Karana nalika mirsani pasugatan ludruk punika dados wekdal ingkang pas kangge nginum bir, anggur, trobas, lan sanes-sanes inuman keras! Ludruk di-cap dados pujering ngrembakaning PEKAT (penyakit masyarakat). Sanadyan mboten sedaya pamirsa ludruk mekaten, nanging dipun gebyah-uyah.
Rama Yusuf tuwin Ibu Maryam mboten nyandhak dhumateng karsanipun Gusti Allah, nalika kedah kelangan Gusti Yesus, tigang dinten laminipun (ay. 15). Kepara Gusti Yesus dipun sebut namung damel susahipun bapa-biyung. Ananging sejatosipun Gusti Yesus ngangsu kawruh; rembagan bab agami kaliyan para rabi ing Bait Suci. Tingkah polah ingkang mulya punika dereng saged katampi ing gagasanipun Ibu Maryam. Ananging sedaya kasimpen ing ati dados wewadi (misteri)! Watawis 18 taun saklajengipun nalika Gusti Yesus miwiti pakaryanipun leladi, mbabaraken pawartosing Injil, ngawontenaken mujizat, lsp, misteri punika mbaka sakedhik kawiyak.
Gesang menika misteri. Anggen kula nonton ludruk kala samanten, pranyata maringi kawruh ingkang endah kangge pigesangan ing samangke. Sadherek, ing taun 2018 sampun kathah lelampahing gesang ingkang kita alami, kathah prekawis ingkang mboten saged kecandhak ing gagasan kita, dados misteri ingkang dereng kawiyak. Umumipun kasisahan, kita gagas dados wujuding pangridu ayem-tentreming gesang kita. Sampun pepes ing manah; 1, 5, 10, utawi 20 taun mangke misteri-misteri punika badhe kawiyak sarana pakaryaning Gusti Allah. Sugeng methuk warsa enggal! [Onewan]
“Kados rajutan emas ingkang awis, mekaten ugi anggenipun Gusti ngrajut saben menit wekdal kita.“