Waosan: Yesaya 57 : 14 – 21 | Pamuji: KPJ. 62
Nats: “… bakal Sunmarekake lan bakal Suntuntun tuwin bakal Sunpulih-pulihake atine kalawan panglipur.” (Ayat 18)
Punapa panjenengan nate tatu? Mbok menawi karana dhawah utawi kekiris peso. Punapa ingkang panjenengan lampahi nalika ketaton? Mesthinipun pados tamba supados tatu punika mboten keraos perih lan sakit, kepara malah enggal saras. Gesang ing donya punika gampil ngadhepi kahanan ingkang murugaken tatu ing manah. Saged karana tiyang sanes ingkang dados jalaranipun, saged ugi karana kita piyambak ingkang lepat tumindak, saged ugi karana kahanan ingkang kedah kita adhepi lan mboten saged kita singkiri. Ngadhepi gesang ingkang awrat punika, tansaya lebet tatunipun nalika gesang kita tebih kaliyan Gusti, nilar kayekten, lan nggugu pikajeng kita piyambak.
Ing satengahing kanyatan ingkang kados mekaten, Yesaya ngengetaken sinten Gusti Allah kita punika. Panjenenganipun saestu tresna dhumateng umat kagunganipun, Gusti mboten badhe nilar umat-Ipun. Manah ingkang tatu badhe dipun pulihaken kalawan panglipur. Tiyang ingkang manahipun rempu lan semangatipun lemes lesu mboten badhe dipun tilar, ananging kawengku wonten ing katentreman. Gusti Allah saestu sampun tresna manungsa milai wiwitan mula. Katresnan-Ipun mboten ical karana manungsa punika nebih saking Panjenenganipun. Katresnanipun Gusti punika ingkang saestu mblebed sedaya tatu ingkang wonten ing gesang.
Gesang kita ing satengahipun pasamuwan GKJW, mbok menawi inggih mboten uwal saking tatu ing manah, karana maneka warni sebab. Greja punika nate ngraosaken tatu nalika satunggal lan satunggilpun sami crah ing jaman Jepang rumiyin. Nanging, nyata sanget bilih Gusti Allah kadhung tresna saestu dhumateng kagunganipun. Panjenenganipun mboten negakaken Greja kagunganipun punika kapisah satunggal lan satunggalipun lan mboten saged nindakaken karsanipun kanthi tumemen ing satengahing ndonya. Pramila, sumangga kita mbangun gesang ing donya kanthi celak kaliyan Gusti sumbering katresnan. Sampun ngantos kita dados mitra ingkang gampil nuwuhaken tatu ing manahipun sesami, nanging kanthi katresnanipun Gusti ingkang mulihaken manah, sumangga kita nggelar katresnan tumrap sesami. Kanthi katresnan, tatu ing manah lan semangat ingkang lemes lesu badhe kapulihaken. Amin. [KRW].
“Sepira gedhene tatu ing atimu, katresnane Gustimu gedhene ngluwihi tatu iku.”