Ngajengaken Pakaryanipun Allah Renungan Harian 3 September 2018

3 September 2018

Waosan: Pangandharing Toret 4:9-14 I Pamuji: KPK 187:2,3
Nats:
“Nanging diprayitna lan dianti-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang ing atimu sajegmu urip.” (Ay 9a)

Kita kedah tansah ngenget-enget pakaryanipun Allah ingkang sampun kedadosan wonten ing pigesangan kita. Kanthi makaten, katresnanipun Allah lan bab-bab karohanen boten kirang ing manah kita. Kewajiban kangge martosaken mujizat-mujizat Allah dhateng putra keturunan dipun tegesaken wonten ing pundio papan. Saben brayat nggadhahi tanggeljawab tumrap tradisi menika lan kedhah maringaken kesaksian minangka wujuding kapitadosanipun dhateng Gusti Allah.

Ngenget-enget pakaryanipun Allah ingkang paring kawilujengan tumrap manungsa asring dados kawigatosan ing Pangandharing Toret. Gusti Allah maringi bangsa Israel angger-angger sedasa perkawis lumantar Musa supados gesangipun umat miturut kersanipun Allah. Bangsa Israel kedah tansah ngati-ati supados boten kesupen kaliyan panguwaosipun Allah. Bangsa Israel boten saged damel menapa kemawon kangge nggantosaken Gusti Allah, karana Panjenenganipun sampun miji bangsa Israel dados umatipun. Nabi Musa ngemutaken Yosua ingkang dados pemimpin ingkang enggal supados tetep setya anggenipun nglampahi peladosanipun. Khususipun kagem bangsa Israel supados saged tetep pitados marang Gusti, mboten mbalela malih lan tansah nglajengaken piwucal saking Gusti dhateng para putra lan wayah.

Gusti Allah ngersakaken supados sedaya manungsa siap mlebet wonten ing kawontenan lan papan ingkang enggal. Saben tiyang ingkang pitados, kedah njagi identitas lan piwulang Kristen ingkang sampun kaserat wonten ing Kitab Suci. Gusti Allah kagungan panguwaos supados kita tetap celak kaliyan Panjenenganipun. Sumangga kita gesang sesarengan, nglajengaken lampah ing pigesangan kita kanthi purun mireng, mangertosi lan setya tuhu anggen kita nglampahi menapa ingkang sampun dipundhawuhaken Allah. Manungsa mboten saged gesang piyambakan. Karana menika Gusti Allah maringaken panuntun lumantar angger-angger ingkang sampun dipun paringaken dhateng bangsa Israel lan kita sedaya. Sugeng nglajengaken pakaryanipun Allah. Amin (GRA)

 “Pigesangan menika mboten gampil, tetepa setya awit Gusti tansah nganthi.”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak