Sumpit Pancaran Air Hidup 3 Oktober 2021

3 October 2021

Waosan: Markus 10 : 1 – 16 | Pamuji: KPJ. 406 : 1, 2
Nats:
“Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa anggone nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono.” (Ayat 15).

Sumpit punika piranti dhahar ingkang asring dipun agem dening sedherek kita Tionghua. Sumpit punika sinebut fai-ji ingkang ategesipun bocah gesit lan tangkas. Ing jaman Kung Fu Tzu (551-479 SM) sumpit punika sampun jamak dados piranti dhahar ing nagari Jepang, Korea, Kamboja, lan Vietnam. Sumpit punika gadhahi tuladha kangge sangunipun gesang lan nindakaken gesang sesrawungan klayan tiyang sanes. Tuladha ingkang sepisan: sumpit punika saged kaginakaken menawi sajodo, sapasang. Tegesipun kita mboten saged nglampahi gesang kanthi ambekta berkah menawi piyambakan, kedah wonten mitra, rencang damel. Ukaranipun sami, panjangipun, agengipun inggih sami menawi mboten sami mesthi iwuh lan ribet, gesang ingkang “harmonis” punika maknanipun. Tuladha ingkang kaping kalih: nalika sumpit punika dipun ginakaken kedah “kerja sama”, mboten menang-menangan. Lajeng pungkasanipun, dhahar ngagem sumpit punika kagungan tata krama kagem njagi swasana, ngurmati tamu, lan ugi ngajeni tumraping diri, antawasipun:

  1. Sumpit punika mboten pareng dipun damel nyundhuk tetedan.
  2. Pucukipun sumpit punika mboten pareng kangge nuthuk piring/ mangkok.
  3. Sak sampunipun dhahar, sumpit punika kedah dipun papanaken ing piring/ mangkok.

 Nalika Gusti Yesus mucal dhateng tiyang kathah, wonten saperangan tiyang sepuh ingkang mbeta anak-anakipun sowan ing ngarsanipun Gusti Yesus, nanging dipun cegah dening para sakabatipun. Saking kedadosan punika, Gusti Yesus duka dhateng para sakabatipun sarta dipun pangandikani, ”Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku, aja kokpenggak, amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah. Satemene sing sapa anggone nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumenu ing kono.” (Ay. 14-15).

 Tuladha ingkang kapralambangaken ing sumpit punika cunduk klayan waosan kita samangke. Angger saben tiyang kanthi sadar gesang mboten pilih kasih, mboten gampil ngakimi tumrap kalepatan lan kekiranganipun liyan, mboten rumaos paling suci, paling pinter, lsp, tamtu badhe nampi lan ngraosaken karahayon. Mangga sami ngupadi gesang ingkang maedahi, gesang ingkang nuwuhaken karukunan, mboten namung kangge sadherek patunggilan kemawon nanging ugi kangge sedaya sadherek sanesipun. Amin. [japri].

 “Gusti Yesus, mugi kawula saged nindakaken gesang kanthi pirukun.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak