Perkawinan Levirat Pancaran Air Hidup 3 November 2022

3 November 2022

Waosan: Pangandharing Toret 25 : 5 – 10 | Pamuji: KPJ. 427
Nats:Manawa ana sadulur lanang padha manggon tetunggalan, mangka kang siji mati ora tinggal anak lanang, ing kono randhane kang mati mau aja omah-omah karo wong liya kang dudu kulawargane, nanging sadulure kang lanang iku kang wajib ngepek bojo, lan kalawan mangkono dadine nindakake kawajibaning ningkah ipe.” (Ayat 5).

Waosan kita mranata bab “Perkawinan Levirat utawi Perkawinan Ipe” kangge nata nalika wonten tiyang estri Israel ingkang dipun tilar pejah semahipun lan mboten kagungan putra. Lajeng randha punika kedah dipun rayat kaliyan sederek jaler saking semahipun utawi ipenipun. Menawi sampun dipun rayat kaliyan ipenipun lajeng tiyang estri punika kagungan putra, ingkang mbarep kedah dipun anggep turunipun semah ingkang sampun tilar donya wau. Menawi ipenipun boten purun ngrayat, randha punika kedah ngadep para tuwa-tuwa lan matur bilih ipenipun boten purun ngrayat piyambakipun. Lajeng ipenipun kedah nampi paukuman ing ngajegipun tiyang kathah kanthi diidoni lan trumpahe dipun copot kaliyan randha punika minangka pralambang icalipun katresnan paseduluran.

Tujuan hukum perkawinan Levirat punika, sepisan, supados nami tiyang ingkang seda wau boten ical saking masyarakat Israel. Punika sesambetan kaliyan hak waris ingkang dipun paringaken Gusti Allah kangge ngrimat lan njagi tanah Israel ngantos ing tedak turunipun bangsa Israel. Punika ngetingalaken bilih njagi paseduluran sak brayat langkung utami tinimbang kapentingan pribadi. Kaping kalih, randha wau saged kajamin gesangipun. Ing jaman semanten tiyang estri kaanggep asor, punapa malih randha lan boten kagungan putra saged kaanggep boten wonten ajinipun lan mboten dados tanggel jawab sinten-sinten. Mila sampun ngantos kadadosan kados mekaten. Kitab Taurat badhe paring piwucal bab peduli lan ngetingalaken katresnan dhateng sesami, punapa malih dhateng tiyang ingkang kecalan daya lan pangajeng-ajeng kados randha wau.

Ing jaman sak mangke kita sampun jarang sumerap wonten tiyang nglampahi Perkawinan Levirat punika. Nanging nilai-nilai sae ing Perkawinan Levirat kados peduli dhateng sesami kedah terus kita ugemi. Punapa malih ing jaman sak mangke, budaya individualisme langkung kita panggihi ing gesang saben dinten. Kathah tiyang ingkang egois, namung nengenaken dhirinipun piyambak, boten peduli kaliyan sesami, punapa malih kaliyan brayat. Mangga, kita sami peduli lan tresna dhateng sesami ingkang kita wiwiti saking peduli lan tresna dhateng brayat kita. Amin. [M@ul].

“Harta yang paling berharga adalah keluarga”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak