Waosan : Yesaya 1 : 10 – 18 | Pujian : KPJ. 44
Nats: “Padha wisuha, resikana awakira, edohna panggawenira kang alas aka ing ngarsane paningalingSun.” (ay. 16)
Dietrich Bonhoefer, salah setunggaling teolog ingkang gadhah pemanggih, bilih Sih Rahmatipun Gusti Allah punika Sih Rahmat ingkang aji lan luhur sanget. Mboten sih rahmat ingkang mirah, karana Gusti Yesus sampun nebus dosa manungsa. Karana menika kita perlu wujudaken gesang kanthi pertobatan ingkang nyata. Wonten kaserat, bilih sih rahmat ingkang awis punika nggih timbalanipun Gusti Yesus Kristus ingkang saget dadosaken siswa punika nilaraken marginipun lan nderek tut wingking Gusti Yesus. Punika kados ingkang kaserat wonten ing Kitab Yesaya ingkang dados kritik Nabi Yesaya dumateng Bangsa Yehuda ingkang risak tindak tandukipun-kaserat manungsa Sodom lan Gomora.
Cariyos punika ngengetaken pemangih bangsa Yehuda ingkang kirang trep, nggih punika bilih pangabekti ritual dipun anggep sampun nyekapi sedaya tanggel jawab dados umatipun Gusti Allah, sanadyan laku gesangipun tebih saking dawuhipun Gusti Allah. Punika kados kaserat wonten ing ayat 11-15, wujud sikap religius ingkang mboten dipun kersaaken Gusti Allah. Penegasanipun ing ayat 16-17, supados nindakaken pitobat kanthi lampah gesang ingkang sae.
Wonten bahasa Ibrani kaserat Shuv, artosipun berputar, berbalik kembali. Utawi ing bahasa Yunani kaserat Metanoia, perubahan pola pikir. Saking punika, wujuding pitobat punika berbalik kembali utawi perubahan pola pikir ingkang sae kados ingkang dipun kersaaken Gusti Allah dumateng kita. Ayat 16, “Padha Wisuha, Padha Resikana; Padha Maria Nglakoni Piala,” punika wujud pitobat ing gesang. Wisuh saking kejahatan, resik saking dosa, lan mari saking gesang ala. Punika wujudaken sikap pitobat ing gesang supados sikap karohanen ingkang nyata dipun lampahi kanthi sikap gesang ingkang sae. Sedaya pitobat kita mboten badhe nglaha amargi Gusti Allah tansah nresnani kita kados ing janjinipun ingkang mbingahaken ing ayat 18. Sumangga wujudaken gesang karohanen kanthi pitobat ingkang nyata, mboten namung tobat lajeng kumat malih. Nangging wonten perubahan gesang ingkang nyata dados wujudipun sikap karohanen lan keimanan. (Kulz)
“Gesang karohanen ingkang sejatos kawujud saking gesang pitobat”